Partojudokusumo Soewarso Kartodinoto

Maksut lan tegese petikan ing nduwur iku Manawa cara Pakdhe Sariengat surasane mengkene :

 Urip iku opo ?
 Aku iki sopo ?
 Kudune kepriye ?
 Opo gunane urip ?
 Wong ora urungo ya mati, kok di parangi urip ?

 Urip iki opo ?
Maknane : padha karo budhi, bubuh bumbu kang di edi di udi, Budhi iku obah, obah iku polah, obah iku isine bab kaluwihan golekana supaya bisa luwih, lan yen polah iku samubarang apa wae sing di olah utawa dimasak, dimatengake aja dipangan mentah-mentah.
Contone : Upama pari kae yen dipangan mentah apa ya enak, ya mesti wae ora enak, nanging yang pari kae di onceki disik gabahe banjur di pususi ben ilang kapure banjur dimasak kanti mateng, banjur dadi sega banjur dipangan, uwis mesti enak lan migunani kanggo awak. Ana meneh conto sing liane, uwit kae katone meneng wae nanging uwit kae uga bisa olah-olah, sak wise nyeroting sarining bumi banjur diunggahake karang godonge lan dimasak utawa diolah nganggo bebantu cahyaning srengenge banjur diedarake menyang oyot, pang, who-wohane, godonge lan sakpiturute. Dadi ya cetha katone ora obah nanging bisa olah-olah, kuwi mau nandakake yen bener urip lan uga iso thukul.