Kamis, 08 Juli 2010

KEKUWATANING URIP.

Menungsa mono menawa gelem ngematake kiwa-tengene, ngarep-mburine, ngisor lan nduwure kaya-kaya wis jan ora ana sepirane, sak umpama ditakokake sepira ta aku iki ? aku bisa apa ora ? duwekku iki endi lan apa wae ? gek arep tak apakake ? kon kepriye ? kanggo apa ? lha carane kepriye ? mengko terus dadi apa ? kurang apa meneh ?, lha kok malah ora karu-karuan, sak jan-jane kudu kon ngopo ? kudune kepriye ? mula isine entek-entekane ya mung mbingungake.
ewodene ana pitakon meneh sing unine mengkene iki arane “Bisa Rumangsa” apa “Rumangsa Bisa” ?
Sak umpamane wong anak-anak njaluk katok ya wis di tukokake, njaluk klambi ya wis di turuti, njalok sangu kanggo lunga ya wis diwenehi, arep mangan ya uwis di cepaki. lha yen ngene iki apa ya wis ora bisa nyukupi kebutuhaning anak? wong arep seneng wae apa-apa wis sumadya “cumepak”, lha yen ngene iki jawabane banjur apa? tegese ya “Rumangsa Bisa” menawa ngene iki jawabane anake tak kira menawa nyawang wong tuane padha karo weruh macan galak sing seneng mangsa daging, anane mung sarwa samar, wedi, kuwatir, was-was lsp.
Dadi senadyan wong tuane iki tresna asihe disuntak byak, nanging rumangsane bocahe tetep wae nduweni rasa sing werna-werna. sebabe ora ketang embuh sak paprinane biasane nduweni watag angkuh. Nanging yen jawabane “Bisa Rumangsa” sak temen - temene manungsa iki uga mung kaya “klentheng ana sak tenghing segara”, mula yen olehe nyawang ora permati lan ora diteliti sing nganti njlimet ora bakalan bisa katon, sebabe yen ana ombak ombak ya katut ombak, ana angin ya katut angin, sedenge yen ana iwak cilik-cilik sing padha gojeg, lomban, nglangi ana kono wae ya wis katon montang-manting, durung yen dipangan iwak sing mung sak gerek teri wae tak kira ya kolu yen mung nguntal klentheng sing gedene mung sak mono wae. dadi jan kaya ora sak prapirane menawa gelem naliti lan gelem nyemak sing kanti temen. Ewa semana menawa ana saking karsaning Gusti kasinungan ing kabegjan pinayungan ing Pangeran. tinardawa ing umure, kinacek ing sapadane, kinasih ing sak solah tingkahe bakal dipinggirake embuh piye bisa semeleh ana ing dedaratan nganti bisa tukul ora ana sing ngganggu, cinipta dadi wi-witan sing gede kena kanggo pangyoman sapa wae kang mbutuhake. lha yen bisa metu kapuke kena digawe bantal lan kena digawe kasur sing tundone akeh sing mbutuhake tur ya akeh sing gelem ngrumati. lha ya ngene iki sing jen diarani dadi kekuwataning urip. apa kabeh mau ana carane? Jagad iki ora karuan watese, mula kudune ya bisa tur ya mesti ana carane lan bisa nyatakake, waton gelem budidhaya utawa gelem nglakoni.
Dadi carane duit sing mbok gawa kuwi belajakna, gawenen tuku, “mripat iki nggonen melek ben bisa weruh”, “tuthug iki cancangen ben ora kakehan mangan lan kakehan ngombe”, “suarane diatur sing apik”.
Yen cara Jawa Suara ana pirang-pirang werna kayata:
Uni : Woh-wohan cilik bentuke sing rasane sepet-sepet kecut, mula senenge mung ngunek-ngunekake uwong, bisa-bisa ana watu sing munggah menyang bathuk amarga rasane ora kepenak.
Omong : Sing jenenge omong kuwi mau mung butuh golek legal an kepenake awake dewe, mula ora gelem mikir dadi ya mung butuh ngremeng kaya suwarane gamelan sing tanpa gending, tanpa pathet dadi wong sing ngrungokake ya terus wegah.
Kanda : Ibarat kaya tataraning anda, setatar baka setatar lan bisa diatur pamrihe ben kepenak olehe jumangkah, umpama wong kepengen munggah utawa midun ya ngertia disik arah lan tujuane bisane ben ngerti ala lan apike sing dikandakake, dadi ya ora ngawur.
Ngandika : Wong sing diarani ngandika kuwi biasane ya uwis ngerti asal-usule, sebabe yen ora ngerti asal-usule ya ora ngerti tujuane, mesti angel anggone ngetokake lan ora gampang pangucape, sebab nalare biasane ya uwis takan, mula yen diwali tembunge kaya “ngendi-ngendi endi saka ngendi-ngendi”. lha yen liya-liyane kayata dawuh “cerita” lsp. iki uga menawa maksute dewe-dewe.
Bali ana ing kekuwataning ngaurip, menawa wis ngerti carane budidhaya kaya ing duwur mau kabeh, iki pinangka pitukone
Lakune :
mangan sepisan, ngombe sepisan, turu sepisan ing sajroning 7 dina 7 wengi.
Rapale :
“Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa Ibu bumi Bapa Toya, Ibu wengi Bapa rina, kakangku mbarep adiku wuragil, dina pitu pasaran lima, keblat papat lima pancer, klebu sak isining jagad alam bawana iki kabeh”.

Kula…………………………ngaturaken sedaya lepat, nyuwun agung ing pagapura, sarta kawula nyaosaken sembah begti kula konjuk ing ngarsa panjenengan sadaya, kula…………………………nyuwun bebantu, nyuwun pituduh, nyuwun pitutur, nyuwun pituntun, sarta nyuwun pitulunganipun panjenengan sedaya, karewang-rewangana anggen kula…………………..( apa karepe ).
Tegese :
Lamuna kita ngelingi turuku, manganku, sabaku iki kabeh ngambah ana ing Bumi. apa ya kita arep lali karo bumine, mangka yen ngombe, adus lsp kabeh nggunakake banyu. lha yen leren turu, nentremake apa wae iki kabeh kinemulan ing wengi, umpama tandang-grayang nyambut gawe apa wae di bantu ana ing rina, mangka sak durunge aku lahir wis ana sing lahir luwih disik, kosokbaline yen aku iki wis lahir mbesuk ya ana sing wong sing lahir meneh.
Mula ya sinebut nganti sing lahir mau embuh nganti kapan tekane, iki mau kabeh saking karsaning Gusti, lha yen “dina pitu pasaran lima” mangka iki saka wisik ing Gusti kang kaparinganke marang wong kang uwis gedhe Tapabratane. ewodene “keblat papat lima pancer” mangka iki wewaton arah tujuane manungsa sak jagad rat iki kabeh, apa ya kabeh-kabeh iki banjur kita lalekake, ya ora polah saya bingung mangka isine jagad rat iki ora karu-karuan akehe, mula ya sinebut kabeh supaya aja ana sing ketinggalan utawa kaliwatan.
Ya kalebu aran wilangan sepuluh ingkang dadi sesebutan ing ngarep mau,. sejatine menawa gelem di sambat, di begteni, di srawung, gelem ngeling-elling nganti bisa blebes, sukur-sukur lamun bisa nganti nunggalake antaraning lahir lan batin, nganti bisa nggerakake tekan ing gegeter njaba lan jerone iki sak ora-orane ya mesthi nuwuhake hasil utawa nggawa daya sing ora mung sembarangan. marga iki yen wis kersa krida utawa sanggup ngayomi lan kersa peparing bebantu, kersa ngengrewangi, keparing saking karsaning Gusti. kabeh mau mesthi bisa kaleksanan utawa bisa mujutake gegayuha apa wae sing kanthi cetha lan nyata.
Dadi isine kabeh mau ora bakalan nyamarake nanging aja lali karo pitukone sebab kudu tansah eling tembunge “jer basuki mawa beya” tegese duit-duite aja eman-eman kanggo mbayar. wong biyen pas lahir ya wis diparingi sangu. menawa cara Jawa tenbung “jer basuki mawa beya” iki uga kalebu rapal sing maksute, dek rikala kita durung ngerti banjur disekolahake wiwit TK nganti tekan Univesitas, iki mau pamrihe bisoa eling lan ngerti marang ilmu sing kudu digoleki, mangka pira wae wuragat sing kudu dicawisake kira-kira pirang kilometer adohe dalan sing kudu ditempuh, lan kaya ngapa wae sing kudu di korbanake, mangka iki lagi golek ilmu durung ana ngelmune, mangka kudu terus nganti tekan nggone panemu. lan yen telune iki ora bisa katekan apa ya ora eman-eman wuragat lan rekasane nalika ngudi. mulane ya eling-elingen rapal sing wis ditulis ing ndhuwur mau kabeh ing pamrihe supaya padha tansah eling, kudu kepriye ta aku iki ? dadi ya bisoa tekan nggone sing dituju aja nganti salah arah, yen kelangan lacak bisa dadi rusak.
Mula diarani “Ilmu, Ngelmu, Panemu,” iki karepe mengkene :
Jeneng Ilmu iki : Isining alam engkang bisa kapaparake dening para Guru, Dozen, lan Para Winasis sing bisa nampa lan bisa medarake ing babagan cara apa wae sing metu saka ing lisane.
Ngelmu iki : saka arane angel yen durung ketemu nanging uga angel sak bubarane ketemu, contone upama ora nduwe klambi iki gelem ora gelem kudu ya golek kepriye carane bisane nganggo klambi, sebab yen ora di klambeni rumangsa ora kepenak rasane, nanging yen wis kepenak nganggo klambi apa ya di enggo terus ora dicopot, ora di kumbah lan ora di openi sing apa mestine. dadi cethane ngelmu iki yen durung nduwe angel anggone nggoleki yen wis ketemu angel anggone ngopeni serta anggone matrapake. lha yen
Penemu iki : tujuane sing paling bisa mesetekake sebab wong yen wis duwe ilmu sing komplit, ngerti ngelmu sing bener-bener bisa mumpuni, kena kanggo ngrampungi ing babagan apa wae, iki sak ora-orane ya mestekake bisa nemu hasil sing sarwa nyenengake, mula diarani penemu. iki sing tegese “pen” titik terakhir, “papan” tempat titik terakhir.
Umpama wong nulis “sapu” entuke unine ya “sapu” iki ya wis tujuane entuk-entukane, dadi panemu iki yaiku tujuane bisa sarwa entuk piye wae sarwa oleh.
Bali aneng panemu jeneng “ : pa” mono bisa di perang dadi telu umpamane
1. Apa : takon
2. Papan : Panggonan
3. Pen : Arah “ tujuan = titik, pol, entek”
mulane yen ana tembung peka iki mesti gampang nangkepe utawa mesti ngerti sangkane asale saka tembung “ : ka” dadi ya gampang olahane ngereti asale lan apa tujuane, kepriye mengko dadine. ya awit saka kuwi yen para winasis diarani jan matipat sing ateges lagi seprapat wae wis bisa tamat dadi wis ora kakehan wektu olehe mikir. lha ya saka tembung –tembung kaya ngono kiwi kemau jenenge “ : JAWA “ kok nganti ngerti jawane, yen disemak sing nganti njimet lan gelem ngopeni sing nganti teliti temenan wis ta kaya-kaya ora ana sing bisa madhani apa maneh ngungkuli, durung meneh budhaya sing liya-lliyane.
Dadi yen ngono wis cetha menawa wong jawa kuwi kinacek-kinasih ing sak samaning ungaurip, mula ya ora aneh dek nalika tanggal 17-8-1945 jaman kamardikaan jumedule KALIMA HUSADA “PANCASILA” sing diandarakake dening pucuk pimpinan kita Bung Karno. ing atase mung sak gaman bamboo rucing, sing wujude pring sing dilincipi wae la kok kanggo merangi mungsuh granat, bedil, mriyam, mortir lan liya-liyane. nek cara dinalar arak ora tinemu akal, mangka jaman mau Indonesia durung ana alat utawa piranti sing model-model kaya saiki, la kok bisa-nisane ngobahake, ngerakake wong sak jagad, ora mung trima wong sak Indonesia.
Mangka Indonesia iki wae ambane wis ora karu-karuan, dadi cethane mono yen ngono wong jawa iki pancen bener-bener kinacik, kinasih karo sing nggelar jagad iki. mula kang saka iku yen ngnati lali karo jawana apa ya wis bener temenan, mangga sami dipun penggalih enggkang kanti wening kula nderekaken murih saenipun kados pundi. sak umpamane wong rumah tangga mono jane tanah iki tanahku, entukku saka olehku gelem rekasa macul, omah iki uga omahku sebab gelem budidhaya, makarya nganti bisa kena dienggo ngiup ben aja nganti kudanan lan aja nganti kepanasen. lha isen-isen ing omah iki uga olehku usaha “golek” lha nanging ya apa terus terima mandeg semono, terus leren ora mikirake anak putu lan turun-turunane mbesuk? mangka ing jaman saiki akeh wong sing pinter akal-akal, menawa gelem nampa carene ana-ana wae. supaya aku kabeh iki ora ndadak kangelan aja nganti rekasa, panglembuke ana-ana wae carane, pamrihe supaya kita kabeh iki ora padha mikirake turunane mbesuk, mula ya katone ya gelem ngorbanake apa darbeke. umpamane mangkene sak wise bisa nduwe omah “papan panggonan” kaya ing duwur mau kabeh, banjur mara nggawa oleh-oleh sing sak cukupe lan teruse melu nunut manggon ana ing kono, tur ya gelem ngrewangi ngyukupi kebutuhane. lha yen ngene iki ora bisa olehe nggogohi, dupehne wis dicukupi kebutuhane terus kita padha kelenan lali karo tugas lan tanggung jawabe dumeh wis ngrasakake kepenak, uwis cukup, rumangsa uwis turah-turah lha ya ngene iki sing marakake bisa nyulayani. dadi uripe uwis rumangsa tentrem, ayem tur marem,. ora ngertio yen iki mau mung kanggo cara ben bodho nanging butuh diwareki wetenge, dadi ya anak putu sing nanggung akibate.
Dadi sing nduweni panguwasa sing mung nunut manggon, anak putune sing duwe omah mung terima dadi kuli, ya kaya alam sing saiki sing padha kita alami. mula ya ana tenga kerja Indonesia ding di tekaki, sak jan-jane Indonesia iki sugeh tenan, yen cara wong Jawa diarani “Gemah Lipah Loh jinawi” tulus kang sarwa tinandur lan murah kang sarwo tinuku tegese tanem “tanduran” apa wae wis mesti bisa menehi hasil kang sarwo nyenengake lan bisa kanggo mareki weteng, nyukupi ing kebutuhan apa wae. lha apa maneh menawa nyawang laute lsp. nanging ewa semono gegandhengan karo anggone kita padha nglalekake karo sumbere, mula dadine ya mung bosah-baseh ora karu-karuwan marga kelangan lacak dadi rusak, kepaten obor bisa nunak-nunuk, lali sumber dadi aber, lali sumber ketiwasan “eling 3”.
Manawa kabeh mau kitatlusuri sing nganti njlimet, jebulane kabeh mau ya mung saka kita pribadi sing ora gelem ngrobah ing kahanan kang sak tenane. Ben bisa robah, bisa balik ning asal mulane, nangging aja nganti kuwalik-walik, sebab yen nganti kuwalik-walik mesakna turun-turune mbesuk.
Sing uwis ya uwis dadiya pelajaran, sing durung wae ayo pada dirobah bareng-bareng supaya bisa dadi manungsa sing bisa kinacek kinasih marang sing gelar jagat sak isine kabeh. Koyo jaman biyen sak durunge pada migunakake budi lan pakarti. Dadi gampange tembunge “BALI JOWO KUNO” tegese supaya manungso urip iki aja nglangut aja nganti kakehan gagasan ben aja salah arah. Mula diparingi slimuran sing kira-kira kanggo pepeling ngenggokake rasa ben aja banget-banget olehe ngrasakake anggone rasane sing ora kepenak.
Sebabpe urip iki ya mung ora sedina rong dina nanging pirang-pirang tahun, kanggo nitene olo apik ing swara, lagak, lagu….kala genahe tembung, tambak lan tambahane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar