Pamuji Kanggo Panggugah ing Pribadi

Supaya bisa rukun marang pribadine dewe iki ana sranane lan lakune yaiku :
Nganyep sakjroning 7 dina lan aja turu sore.
Rapale :
Bapa adam Ibu Hawa utusaning urip…urip…urip sejati…sejatining urip.

Supaya bisa rukun marang pribadine, marang alame, lan marang sing disrawung ( jenenge ana rukun telung perkara ) mengkene tata carane :
Saben wengi jam 11 nganti jam 1 nglakoni sembahyang, memuja-memuji lan nyenyuwun marang sing gawe urip kanti dibarengi rapale kaya mengkene :
• Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa Engkang Hamurbo, Engkang Misesa, Engkang Kawasa ing Jagad, Engkang Kawasa ing Alam, Engkang Kawasa ing Bawana Saisinipun Sadaya titah dalem kawula nyuwun sih peparing paduka Gusti, sarta sadaya saking karsa keparing paduka Gusti.
• Para Kadang, Para Pekunden, Para Pikulun tuwin panjenenganipun Pangeran, Kula nyuwun bebantu, nyuwun pituduh, nyuwun pitutur, nyuwun pituntun sarta nyuwun pitulunganipun panjenenganipun sami, karewang-rewangana anggen kula netepi wajib, ngayahi pakaryaning gesang kawula, ngestuti sasmita sabda karsa kapareng Paduka Gusti, kalebet bebantu, pituduh, pitutur, pituntun, pitulunganipun kaki among sarta sadaya ingkang sampun pitados ing ngarsa Paduka Gusti.