Selasa, 06 Juli 2010

NYEDAK ING ASMA GUSTI

Gusti iki mono upama wong kuliah sawijining title kang wis ora ana sesebutan linane maneh marga yen cara Jawa asma Gusti iki wis sak nduwuring Pengeran, dadi wis paling notog “pol”, mula aja gampang-gampang nyebut ing asma Gusti menawa ora ngepasi karo ing kahanane lan manehe kudu bisa matrapake apa sejatine sing tak suwun ing ngarsaning Gusti….dadi cara tembung kudu ngertia marang “ta-pitu”.
“Tatas, titis, tetes, teteh, tata, titi lan temtrem”
1. Tatas : Umpama wong ngethog kayu olehe ngasah pirantine kudu sing landep dadi yen diempakake ben aja nganti mung ngeselake tenaga “bahu” nanging bisa nganti rubuh.
2. Titis : Menawa kita arep mbedil ( nembak ) manuk nanging ora bisa pener pangarahe anggone ngincer bisa-bisa mung tiwas kelangan peluru lan tenaga nanging ora bisa entuk hasile, apa ya ora emen-emen ? tiwas kelangan ora ana apa-apane, intuk-intukane mung tiwas kegelan ora intuk-intuk hasile.
3. Tetes : Wong urip iki mono sak temene kaya gambarane kuthuk ( pithik sing during netes saka sajroning kulit ). mula isine ya mung klugat-kluget sing ora ana watese, mangka babone sing wis ngengkremi ora gelem nucuki kulite sebab kuwatir menawa nganti nuthul isine njero mula ya mung kudu budidaya dewe kepriye bisane kulit mau bisa ambrol lan bisane weruh padang hawa aja nganti kemlekeren ana sajroning kulit. mula carane piye ? anggone bisa luar ya mung saka awake dewe ( ingat…nasip manusia di tangan dirinya sendiri ). Iki eling-elingen pedomane Bung Karno, pucuk pimpinan kita, presiden RI ingkang kapisan, eling 17-8-1945
4. Teteh : Tembung teteh arine iki kudhu sarwa cetha sing tegese “yen siji ya tetep siji, menawa loro ya tetep loro, a ya a, b ya b, dadi aja plinplan ora tjlewa-tjlewo”. umpamane wis dadi jago menawa wis bisa gelem kluruk ya bisa kluruk sing temen-temen kluruke, dadi kepenak yen dirungokake tur yen disawang ya katon jago temenan. sak umpamane dadi babon, ya sing kaya babon temenan suarane bisa cetha dadi ora mbingungake, dadi wujud lan suarane bisa dirungokake kanthi cetha ora geseh karo uni lan wujude, perlune ben bener-bener bisa dipercaya menawa kuwi mau temen-temen ora ngakali uripe, mesti bisa becik lan apik kaya apa anane. cara gampange tembung sing temen bakal ketemu.
5. Tata : mawana kabeh mau wis padha bisa diwujudake banjur aturen dewe, tatanen sing nganti bisa kepriye carane supaya wong sing ndeleng bisa kapranan, ketarik nganti bisa kasengsem. lha yen wis bisa mangkono iku banjur nyandak ana ing titi.
6. Titi : ta-sing kaping enem :” titinen” titenana sing nganti njelimet, endi sing ala lan endi sing apik, endi sing keliru lan endi sing pener, dadi ya ben nganti bener-bener kepenak disawang, dirungokake, dilakoni, lan dirasakake ben aja nganti mawa kuciwa, duwe rasa gela, lsp.
7. Tentrem : karepe nujune ana ing nggoning kamulyan ”ka-anane mulya” mula ya kudu ngati-ati, aja keri, dhuga-dhuga dhigawa pamrihe ben aja nganti salah arah, aja nganti keliru ing tujuane, perlune kena kanggo sampurnane mbesuk yen wis enthek tugase. kaya ngene iki maksud lan tujuane aksara “tulisan” ing nduwur dewe tekan gandenge karo tulisan jawa ing ngisor iki. sak banjure ana tulisan “ “ : “Ha” karepe bisa luwih ing samubarang apa wae. “ “ : “Ya” tegese sanggup ( saguh ). “ “ : “Wa” tegese ( woh ). “ “ : “Nga” ( ing ngaurip ). karep lan tujuane menawa pada kelingan utawa gelem nyemak lan gelem ngeling-eling, para simbah mbiyen iku yen kesandung atawa ketatap, mbuh kesandung utawa ketatap sing lara, apa nemu sing kepenak, apa sing nggumunake, apa sing ala banget iki munine “ “ : “Hiyuwang” utawa “ ” dadi kira-kira ya uwis cetha menawa wong jawa iki bisa nduwe sesebutan “ Hiyuwang” mula menawa padha gelem gelingi yen kita kabeh mau turunane jawa, urip ning tanah jawa, turu ning ning bumi jawa, mangan wulu pametu bumi jawa, uga ngombe tuk sumbere banyu jawa, eling karo JAWA KUNA ben bener-bener duwe JAWA. aja HAWA. kendalekna urip iki aja mung sak kepenake dewe, ngelingana urip iki akeh kancane tur kabeh ya padha butuh oleh pangayoman bisane nggayuh barang sik apik lan becik “piye carane” ?

Ya “aja lali sumber mundak dadi aber, lali sumber katiwasan” mesakake karo turun-turunane mbesuk, yen cara Pramuka ana simbule unine “tunas muda harapan bangsa”, lha yen ngene iki mesakno sing isih cili-cilik nganti tekan bangsane sing during padha lahir, sebab iku mau kabeh uga bangsane dewe aja padha nganti rekasa banget-banget. ngelingana bangsa Indonesia iki gemah lipah loh jinawi, lha kok arep padha nyambut gawe kanggo mangan wae rekasa. lha yen wis padha diteliti lan padha gelem migatekake kahanan sing kaya mengkene wujude. apa ya aku arep dilangsungake, apa patut lan becike dirobah, mula ya mula kabeh mau ya mung saka kita pribadi iki kabeh “gelem ngrobah lan orane”,” isa lan orane” ya gumanutng ana kita kabeh.
sak banjure ana tulisan ingkang Maha.
tegese rapal-rapal ing duwur mau nduwe tujuan menawa kabeh mau kagungan sipat- sipat ingkang linuwih ( Maha dari segala Maha ). kaluwihane tanpa winates nganti “ora kena kinaya apa”, tegese ora kena kinaya apa yaiku wis ora kena lan ora bisa digambarake lan ora kena di etung senadyan dietunga nganggo alat apa wae wis tetep ora bisa dadi wia ora karu-karuan wates-watese, ora idep ora ngerti ora iroh nganti wis ora midheng.
Terus ana gambar bintang sing sudute ana enem
tegese menawa kita padha nyekel jangka terus diubengake lan sakwise diubengake terus nganti tengahe dilakokake, diwolak-walik, mengko pojoke mesti ana enem dadi mengko bisa ketemu pitu karo sudut tengahe, dadi wis cetha yen bunderan mau ana enem, paojok pinggire ana pitu, tengahe ana siji, iki sing kanggo wiwitan,. mulane tulisane ya ana pitu : 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. .
Iki maksute :1. Ha “Maha Agung, 2.Ha “Maha Asih 3.Ha “Maha Adil” 4.Sa “Maha Suci” 5.La “Maha Luhur 6.La “Maha Langgeng” 7.Ka “Maha Kawasa”. dadi menawa diresapi, di jlimeti sing nganti njlimet temenan, katone Gusti iki ana 7 kaya lakuning dina “Senin, Selasa, Rabu, Kamis, Jum;at, Sabtu, Minggu” terus menerus sing nganti ora ana entek-enteke, ora karuwan embuh watese, nganti kapan enteke. dek kapan lekasane langka sing bisa ngerti. ngertenana wiwit simbah biyen lahir ya wis ana nganti tekan anak putu mbesuk ya isih tetep ana. nadyan katone ora wujud cetha ngegla nanging kok ya isih tetep diarani ana nganti bisa digambar ana ing tanggalan. di etung nganggo angka, dititeni nganggo angen-angen lsp nganti ora karu-karuan olehe mikir.
Embuh piye karepe lan apa tujuane nanging biasane uga terus padha di titeni utawa ya terus padha di eling-eling, sedenge bocah sing lagi TK wae ya wis padha gelem niteni yen minggu padha libur, iki mau kabeh mung gegambaran utawa gegebengan kanggo cecekelan ing urip sing gampang-gampang. mayar olehe niteni salah sawijining pathokane urip aning urip ingkang wis gumathok. mula ya sumangga ana kita pribadi iki kabeh. tak umpamakna bocah sing lagi sekolah : sak temene guru, Dosen, Sarjana iki ora ana sing bisa nggawe pintere muride ya senadyan olehe mulang menehi conto-conto, gambaran-gambaran, wejangan-wejangan, nganti kaya bisa mothol-motholna sirah sampek bisa nyuwilake lambe, nganti bisa noklekake lengen lan sikil. lamun bocah mau ora gelem kanggonan entek-entekene ya mung ngobrol kaya barang sing ora ana paedahe. semono uga wong tuwa iki uga ora ana wong tuwa sing bisa minterake anake, ya senadyan digematenana nganti keliwat ukurane sing kepriye wae, diwuragatana, di dongengana tutur-tutur sing nganti ajur, cerita-cerita nganti ngrembaka wis ta kepriye wae carane nanging menawa bocah kuwi mau ora gelem sinau, ora gelem nganggo, ibarate ya mung tiwas padha karo tutur-ketawur sing wis ora ana kanggone, ora ana apa-apane.
Mula ya ibarate awakku dewe iki yen ora tak rubah, lha ya sapa sing bisa ngrobah ?, dadi cethane menawa cara wong omah-omah mono sing bisa natha omah kuwi mau kabeh ya karepe sing duwe omah dewe. kosokbaline wong jawa iki bisane dadi becik lan apik ya mung saka bangsa kita dewe, lekasane ya mung saka pribadine kita dewe sing kudu gelem ndandani awake dewe supaya antarane sesrawungan kita padha bisa gelem ngrobah ing Budi Pakarti kita Mulih Bali Jawa Kuna ben aja lali karo sumbere sing prelune anak turun kita kabeh mengkene bisa mbalekake KAMRADIKANE lan PERATURANE supaya bisa nemoni ADIL lan MAKMURE Negara INDONESIA iki, dadi ben aja ana wong sing si Tekak !!!? ben mangan lan ngombene bisa lancar.
Cara wong butuh nyambut gawe ya ben gampang tur kepenak.iki mau kabeh maksud-maksude lan tujuane tegese gambar sing ana ing ngarep ing buku iki. ewodene menawa kurang cetha lan during jelas utawa butuh ngertine lan gelem nyrawung sumangga katuran ana ing griyane Pakdhe Sariengat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar