Kamis, 08 Juli 2010

KAREP LAN TUJUANE

Kanggo ngelingake wong kang lali nguri-uri Budhaya Jawa supaya aja lali lan aja kepaten obor, sebabe yen wong lali kerep-kerepe kelangan, mula entuk-entukane ya mung gela. menawa wong kang kepaten obor biasane oleh-olhe ya mung kepetengan wekasane bisa nunak-nunuk ora cetha. yen miturut kaki dalang Ki Nartosabdo unine mengke “Lali sumber dadi aber Lali sumber ketiwasan” sing tegese menawa kita Turunane wong JAWA, Uripe ana Bumi JAWA, Mangane Wulu pametu saka JAWA, Ngombene uga tuk sumber banyu JAWA, mula kita kok pada lali nglalekake marang budhaya JAWA, lha yen ngene iki jenenge apa ya ora lali karo sumbere, mula ya ayo padha di elling, padha di gayuh dimene bisa padha slamet aja nganti kelangan lacak mundak rusak.
Jeneng Budhaya mau menawa saking linggane yaiku “Budi lan Dhaya” dadi menawa kita padha elilng marang budi sing tegese POLAH lan dhaya sing tegese KEKUWATAN JAWA “JA tegese Aja lan WA tegese HAWA”, mulane eyang-eyang biyen anggone ngudi ya ora entheng utawa ora sembarangan. wiwit : 1. Tarakbrata – 2. Pujabrata – 3. Sidhikarabrata – 4. Tapabrata – 5. Yogabrata – 6. Suralayabrata.
 Tarakbrata : Ngurangi mangan, ngombe, medok, main nganti nyuda kesenengan.
 Pujabrata : Memuja lan memuji, nyuwun, nyedakake pribadiane marang sing gawe urip.
 Sidikarabrata : Nekakake gegayuhan supaya bisa katekan utawa kasembadan apa sing dadi kekarepane.
 Tapabrata : Gelem resik-resik supaya bisa suci lahir lan batine.
 Yagabrata : Supaya bisa duwe putra anung, aning, anindhita, waspadha samu barang apa wae.
 Suralayabrata : Lamun tumekaning pati bisa mulih, mula-mula nira bali nign asale.
Mula cekak cukupe murih gegayuhan supayane bisa “Urip Mulya lan Matia Bisa Sampurna”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar