Selasa, 06 Juli 2010

LAKU BISANE GELEM NAMPA LAN NARIMA

Kebiasaane wong urip iki sok-sok angel anggone matrapake anane anmpa lan narima, umpamane wis direwang-rewangi nganti rekasane ora karuwan la kok malah ora ngajeni bahuning liyan, mula bareng nampa opahe terus nganyang yen perlu, terus grundelan suarane sing aneh-aneh. menawa ngene iki sing ditindakake apa ora marakake panas ana ing sajroning angen-angen. iki uga ana maneh, gegandengan wis rumangsa kaya ora ana ajine mula ya wani terus nyepelekake marang paweweh trima nanging ora nampa la ora saya ngaboti renggan lan gawan sing benere kena kanggo ngenteng-ngentengi kebutuhan nanging malah ora gelem nampa. ngene iki lo sing marakake ndadekake rasa kumrangsang, kemrungsung, lan kemrengseng, anane mung jengkel, serik terus ora bisa nyelehake rasa sing kanthi enak lan kepenak.
Pramula kang saka iku mau kabeh supaya bisa nampa lan narima pamrihe ben bisoa gumletak lan sumeleh rasane kabeh mau ana lakune yaiku :
Ing sajroning 40 dina
1. aja mangan bangsane sing amis-amis, kayata susu, endog, iwak lan liya-liyane kalebu bumbu.
2. Menawa uwis mangan sak piring aja nganti tanduk, nanging kudu bisa resik aja nisakake. mula ya kudu bisa pas.
3. Yen turu menawa uwis ngelilir “tangi” aja dibaleni turu kono meneh, kepara pindah panggonan aja wegah.
4. Ngombene yen bisa ya terus langsung dientekake sepisan wae, aja dijogi yen durung nganti wegtune.

iki lakune sajroning 40 dina 40 wengi, luwih akeh lakune ing mbok menawa ya luwih akeh kekuwatane. dadi menawa akeh mbayare olehe tuku utawa nglakoni tak kira ya oleh sing luwih kuwat lan luwih becik lan luwih apik, mula borong olehe anindakake.
Rapale :
Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa Kawula Nyuwun sabar, longgar, sedar binger saking sih pepering kagungan Paduka Gusti sarta sedaya saking karsa kaparing Paduka Gusti Kawula nyuwun…..

Iki dirapal ing sajroning 40 dina 40 wengi 4000 X.
Maksut lan karepe “nyuwun” njaluk “sabar” tegese aja gampang nampa lan tumindak ing samubarang apa wae, lamun durung bisa nggambarake kepite mengko dadine. “longgar” tegese bisoa nduweni wawasan sing kaya weteng segara gulu bengawan, dadi menawa nampa ing babagan apa wae ana ing njroning angen-angen ora suk-sukan kaya jembare bengawan sak lautane pisan senadyan bathang apa wae lan samubarang apa wae ora bakal nolak lan ora bakal mbedak-mbedakake. ewadene ala lan apike mengko arak ora rumangsa bisa nanging bisa rumangsa. menawa iki mung ora sapiroa nanging bisa nampani kanthi longgar ing sak kabehe.
“Sedar” tembung “set” iki padha karo ditaleni utawa kebadha dhar tegese “ucul”. dadi menawa menungsa-menungsa iki katone mono ya kaya bebas nanging sak benere urip kita iki kabeh ana ing sajroning bebandan, umpamane mengkene menawa aku nyawang barang kuwi kok apik banjur bisa ketarik lan keranan, la yen wis ngene iki ora bisa ucul rasa kang trenyuh mau apa ya mung kuwi gegeyuhaning uripe….? terus liya-liyane ditinggalake? la yen wis ngene iki dadine arak ya kaya pitik kuthug sing ora bisa netes saka ing sajroning kulite. dadi menawa umume diarani kemlekeren, mangka babone ora gelem nucuki kulite si endhog mau, menawa sing ana ing njero endhog ora gelem budidhaya piye carane bisane netes. “Sedar” iki tegese sete bisa udar.
Bacute ning tembung “Bingar” bibiting ngaurip kang raras iki mono menawa ora dilakoni sing kanthi temen-temenan tengah lamun bisa katekane, mergane dilakoni nganti ora karu-karuwan carane wae terkadang isi akeh kena goda lan rencanane bangsane sing ora seneng, mula ya sok terus kagiwang, terus bisa salah arah lan tujuane, sebab bangsane tho-thog anggrok iki bisa-bisa wae olehe golek dalan, carene benbisa kepilut lan katut, mula ya sing waspada.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar