Selasa, 06 Juli 2010

RAPAL KANGGO SRAWUNG

Rapal kanggo srawung iki digunakake supaya bisa bener-bener jujur.
Lakune : diwaca 7000 X, 7 dina 7 wengi dibarengi nganyep, melek sedina sewengi.
Jujur ateges “Aja padha buru cidra, nyetaha ya nyetaha”.

Karep lan jutuane : supaya yen ana wong sing arep nyidrani ben ora sida, nganti tekan awale dewe menawa arep tumindak ala ora tekan atine ing pamrih bisoa temen-tumemen. Menawa kita kabeh iki mau ora mung ngoyak-oyak ananing lahir sing ora tulus lan ora resik, mula ya keduwung luwung mlaku apa anane sing penting bisa slamet.
Gampang ing tembung ateges “ben bisa ngerti ala lan apik ing sajrone nindakake lakuning urip ben bisa ketara cetha lan ngegla, dadi samubarang apa wae sing di kerjakake ban aja nganti salah tujuan lan ya aja nganti salah arah ben bener-bener bisa dipercaya.
Sak ngisore ana tulisan “ “ : “ning”
Maksute : menawa menungsa uwis gelem ngeningake pikir sing nganti kaya banyu sing wis meneb, bisa katon padang nerawang kaya beninge kaca lan nganti bisa nyawang apa sing ana sajroning banyu kono mau.
Tak kira ya uwis ngerti apa sing sak tenane dadi ya ora gampang ngawur anggone ngucapake ing babagan apa wae sing during karuan apa mengko dadine, mula ya mesti nduwe kewaspadaan pramana ing sawiji-wiji, dadi entuk-entukane mesti ya titis ing panggrayange lan bisa ngepasake apa engkang bakal katuju, mula teruse ana tulisan “ “ : “ing” maksute : nduwiha kaluwihan papan panggonane ing ngaurip, dadi bisa ana kanggone nindakake ing sajroning uripe, dadi tujuan urip iki aja tanpa guna, gunakna urip iki sing kanthi becik lan apik ( eman-eman urip iki, aja mung angger ngawur, ngertia papan tujuane ).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar