17 - 8 - 1945

Kamardikaning Bangsa NKRI Sumerambah ing Jagad alam bawana saisine.
Sak temene menawa wong-wong Jawa mligine lan wong-wong Indonesia padha umume lan yen perlu wong lamun gelem padha ngaweruhi, gelem ngerti, gelem nyinaoni ing mbok menawa kena kanggo gayuh katemtremaning jagad saisine iki kabeh, ya iki sing jenenge diarani memayu hayu rahayuning bawana.
Maksute 1 (siji), ing angka 17 (pitulas) yaiku manunggala ( satu arah satu tujuan ) ngertia marang kang hanyiptakake Jagad.
Maksute angka 7 (pitu), bisoa antuk pitudhuh, pitutur, pituntun, pitulungan ing sak saben dinane. Dadi kaya lakune pitung dina yaiku ana senin, selasa, rabu, kamis, jum’at, sabtu, minggu. Dadine eling karo dina padha wae eling karo sing nggawe urip.
Maksute angka 8 (wolu), elingana ing sewindu iki ana 8 tahun, lan mangertenana uga jagad iki ana 8 laku sing sinebut Astabrata, Asta kuwi wolu – Brata kuwi laku. dadine ana wolong laku yaiku : lakuning Bumi, Lakuning Banyu, Lakuning Geni, Lakuning Angin, Lakuning Surya, Lakuning Candra, lakuning Kartika, lan Lakuning Suwasana.
Maksute angka 19 (songolas), anane manungsa sing lumrah lahire ya mesti 9 sasi 10 dina. artine yaiku dumadining manungsa ing jagad raya. Iki uwis pakem.
Dadi iya uwis cetha menawa jagad saisine iki mau uwis tinerbuka dene ingkang hanyiptakake jagad raya utawane wis kesaksenan jagad. Saisine iki kabeh mau ora ana sing kalliwatan.
Maksute angka 45 (patang puluh lima), anane kiblat 4 sing tegese elor, kidul, wetan, kulon, la yen 5ne yaiku pancere.
Lha yen wisudaning Bung Karno artine hamung kautus mbongkar ( nguculi ) reruwetanign bebandanign manungsa sing ora ana leren-lerene. Mula ya ana perang jagat loro, wong sing seneng njajah padha bali marang papan panggonane dewe-dewe. Sing maune ana KMB dirunah dadi PBB ya ngene iki mau sing uwis cetha. Ananing jagad perubahan dadia pengeling-eling.
Ngenani dasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar 1945 kuwi dadi Ketuhanan lan Hukume, loro-lorone kuwi mau ora bisa di pisahake, yen ana Tuhan ya mesti ana Hukume – yen ana Hukum ya mesti ana Tuhan. Sebab kuwi mau ibarat Srengenge karo sinare ora bisa dipisahake, menawa ana Gusti mesti percaya karo hukume, menawa wedi karo hukume mesti kudu percaya marang Gustine. Mula menawa arep menawa arep lumaku apa wae mesti ora bakal sak kepenake dewe. Duga-duga digawa ngati-ati ora bakalan lali. Isine mung tansah eling lan waspada margi wedi marang hukume, pramula, aja pisan-pisan ngomong ketuhanan menawa ora ngerti hukume lan aja ngomong hukum menawa ora hangudi marang Gustine. Sebab iki mau uwis dadi wewaton ing ngaurip, la mula saiki udinen sing sak tenane, menawa cara buku sing wis kawedar saka dhawuh Gusti.
Kanjeng rama sejati Prabu Herucakra surasanane mengkene :
Yen jeneng siro ( wong urip ) arso mangerti gelar gulunge manungsa iki mengkene dedalane :
Urip kuwasa lungguh, lungguh kuwasaning urip, Urip kuwasa obah angobahake jagad kang gumelar kabeh ya jagading manungsa kang sejati. Urip lungguh ing rasa, kang amirasani ing jagad indening raya ya jagading manungsa kabeh, merga urip iku siji - agawe gelar anggelarake, loro – kanggo ingsi angingseni ingsen-ingsening jagad raya ya jagading manungsa kabeh, telu – kuwasaning kanggo anyukupi sak kabehaning kebutuhan kang sipat bentuk. Kaping papat – dununing kawicaksaning urip iku adunungake agawe gelar anggelarake angen-angen, sumebaring angen-angen kang mahanani agawe gelar anggelarake budhi pakarti. Gelaring budhi pakarti anggelarake gelarign panca ndriya, panca driya agawe gelar anggelarake katoning wewujudan kang katon dineleng ing panca driya kabeh.
Mula aja kliru sasar susur lakune, amarga kang den gunakake menungsa sejagad indening raya ya jagading manungsa raga dhewe-dhewe. Dene kaniryakake kanggo agung-agungake, den agum-agumake, den kuwasa-kuwasakake, mangka iku amung kang kuwasa aneng njaba, mangka sak benere kang Hamengkoni sak kabehing njaba- njero iku amung Urip. Mula sinebutake Maha Suci. Upayanen den kongsi ketemu : kang wasis Amisesani, Amutusi lan Mahanani iku amung siji, ya kang sinebut urip iku ya Maha Suci.

Jakarta, Senen Kliwon 23 – 7 – 1962