Dumadine Cara Lan Tatanan JOWO

PENGERTIAN JAWA, iki asale ya mung saka kawruh ilmu, ngelmu, panemu, ingkang saka budi lan pakartine uwong ingkang gelem nindakake prihatin “lara lapa” nglakoni wiwit saka Tarakbrata nganti tekan Suralayabrata, sak banjure terus sinengkuyung dening wong kang kepengen golek mamrih becik lan apik anggone nglakoni sajroning uripe. Jutuane ben bisoa urip “mulya lan matine bisa sampurna” ya kaya mengkono iki para winasis lan para ngaluhur anggone padha hanggegladhi, mamrih bisoa ngertia dalan ingkang kautaman. Pamrihe dimen cinaket marang para Pekunden lan Para pengerane. Mulane ya padha terus nglakoni. Direwangi nyegah mangan, ngombe, turu nyuda kesenengan lan liyane.