Panyuwunan

• Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa kawula Nyuwun Gangsar – Nyuwun Gampang – Nyuwun Lancar – Nyuwun Mayar sih peparing paduka Gusti, sarta sadaya saking karsa keparing paduka Gusti.
.

 Nyuwun Gangsar : Enggal cepet kelakon, bisa cepet katekan “umpama uwong arep bayen enggal cepet lahir”.
 Nyuwun Gampang : Ben aja nganti ana sing ngewuh-ngewohi “umpama nyambut gawe enggal cepet hasil”.
 Nyuwun Lancar : Ben aja ana kang mbunteti pikiran “umpama miline banyu ben aja nganti ana sing ngrendeti”
 Nyuwun Mayar : Ben cepet ngetokake panemu “umpama nggarap soal ben ora nganti kakehan olehe mikir”.

• Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa Nyuwun Kaprah – Nyuwun Lumrah – Nyuwun Pernah – Nyuwun Nggenah sih peparing paduka Gusti, sarta sadaya saking karsa keparing paduka Gusti.
.

 Nyuwun Kaprah : Saka penering Pangarah
 Nyuwun Lumrah : Lullut, lulut mapan panggonane kang diarah
 Nyuwun Pernah : Peparing manah, anteng ora kakehan polah.
 Nyuwun Nggenah : Gegebenganing manah, cekelaning urip. Nguripake gegebenganing manah/ ati.

• Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa Nyuwun Bener – Nyuwun Jujur – Nyuwun Becik – Nyuwun Apik – Nyuwun Prayoga sih peparing paduka Gusti, sarta sadaya saking karsa keparing paduka Gusti.
.

 Nyuwun Bener : Cocok lan pas karo karepe dewe, umum karsaning Gusti.
 Nyuwun Jujur : Majune mujur lan lempeng aja nganti menga-mengo.
 Nyuwun Becik : Bisa srawung marang sapa wae.
 Nyuwun Apik : Sak panggonane tansah nyenengake.
 Nyuwun Prayoga : Diselehake cocok lan pas karo kekarepaning Gusti kang nggelar Jagad.

Nyuwun Eling – Nyuwun Ngerti – Nyuwun Cukup – Nyuwun Kabul ing panyuwunan kula, saking she peparing kagungan Paduka Gusti…………………..

 Nyuwun Eling : Supaya eling ing babagan apa wae ben bisa tumata apik.
Lakune : Melek nganti jam 12 ( sak jroning 40 dina )
 Nyuwun Ngerti : Supaya ing ngauirip iki bisa ngrasake geterane ngaurip sing titi.
 Nyuwun Cukup : Supaya cocoking ngaurip bisa cocok karo butuh ing ngaurip apa wae.
 Nyuwun Kabul : Supaya asal bubuh bumbu ing ngaurip bisa loloh kang sarwa mumpuni.

• Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa Nyuwun Agung ing drajat - Nyuwun luhur ing pangkat - Nyuwun Ageng ing Bakat – Nuwun Piguna Sarana ingkang Manfaat – Nyuwun Sarengat ingkang Manpangat sih peparing paduka Gusti, sarta sadaya saking karsa keparing paduka Gusti.
.

 Nyuwun Agung ing Drajat.
Tegese : Samubarang sarwa Agung bisa kena kanggoa mitulungi marang sapa wae ingkang mbutuhake pitulungan.
Lakune : 1. Mangan pisan turu pisan sajroning 7 dina 7 wengi.
2. Mangan pisan turu pisan sajroning 21 dina terus dibacutake 4 senin 4 kemis.
 Nyuwun Luhur ing Pangkat.
Tegese : Supaya urip iki ana kanggone reh perintahe apa pangucape, apa wae kandane kena digugu lan dinyatakake kanti cetha.
 Nuwun Ageng ing Bakat.
Tegese : Supaya urip iki nduwe bobot lan nduwe, kena disawang kang sarwa nengsemake naming ora medeni lan bisa ngrampungake sak samubarang apa wae, ngurug kang sarwa legog – ngepras kang sarwa medukul, ben bisa ngrata ing sak dengah apa wae, piguna sarana ingkang manfaat “ sakjroning uip iki diparingono gegambaran, gegebengan lan gegondelane urip kang sarwa tata.
 Nyuwun Nyepak Gemletak enak lan Kepenak
Tegese : Nyuwun apa wae kang sarwa cumawis bisa sumeleh dadi bisa ngrasakake enak lan kepenak ing samubarang apa wae.
Lakune : Mangan pisan turu pisan sajroning 21 dina. Cara pasa… mangan sepisan ing sedina sewengi banjur turu sepisan nganti suwene pitung dina terus dibacutake melek sewengi sedina.
Rapale :
• Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa kawula Nyuwun Agung ing Drajat, Nyuwun luhur ing Pangkat, Nyuwun Ageng ing Bakat, Nyuwun Piguna Sarana ingkang Manfaat, Saringat ingkang Manpangat, saking sih peparing kagungan paduka Gusti, Kawula nyuwun…Nuwun…nuwun…nuwun.

Nah saiki apa sebabe kok ndadak nganggo nglakoni ?
Menawa tebung jawa ana unen-unen sing ngucapake mengkene : Desa mawa Cara – Negara mawa Tata.
Sing tegese mengkene : yen urip ana SOLO ya cara lan tatanane kaya wong SOLO, Menawa urip ana SEMARANG cara lan tatanane ya kaya wong SEMARANG. Dadine ora kisruh lan ora salah kaprah.
Nanging yen ing wektu saiki, iki ora ngono, carane wis dho rusak tanane yaw is dho bubrah, mula menungsane ya akeh sing murat-marit ora karu-karuan kabeh genahe. Akeh Pengemis, Pengatung, Pengamen, Malah sing luwih Parah ana “TE-KA-I”, sing kerja marang luar negeri uwis kerja ora oleh apa-apa malah bali nggawa Perkara, ya nak ora dadi bangkai ya bali nggawa bayen ( meteng ).
Pramula menawa padha kersa mangga-mangga “carane” dirubah “tatanane” bareng-bareng ditata sing kanti apik, BALIA nganggo carane dewe yaiku carane “wong jawa” tatanane ya ben kaya wong jawa dadine ben ora kebak maksiyat aja akeh wong kesrakat wong sing cilik ya ben padha iso kuwat.

PEPUJAN

• “Rahayu ingkang sami pinanggih widodo nir ing sambikala, tinebihna sak katahing bilahi, cinaketna agung ing rejeki, mugi manggih suka raharjo, bagya mulya , antukno wahyuning Gusti ingkang cumondok ing jiwanggo kita sedaya, waradin sakgung dumadi satuhu…satuhu…satuhu”.

• “Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa, Engkang Hamurba, Engkang Misesa, Engkang Kawasa ing Alam, Engkang Kawasa ing Jagad, Engakang Kawasa ing Bawono sak isinipun sadaya, titah dalem kawula, nyuwun sih peparing kagungan Paduka Gusti, sarta sadaya saking Karsa Paduka Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa, Kawula ngaturaken sedaya lepat, nyuwun Agung ing pangapura Gusti…Kawula nyaosaken Sembah, , nyaosaken Sujud, nyaosaken Sungkem, nyaosaken Pangabegti kula, kunjuk ing ngarso Paduka Gusti. Kawula nyuwun sih Kawelasan ing ngarso Paduka Gusti, Kawula nyuwun sih Kamurahan ing ngarso Paduka Gusti, Kawula nyuwun sih Pangayoman ing ngarso Paduka Gusti, Kawula nyuwun ing ngarso Paduka Gusti, Inggih among saking sih peparing kagungan Paduka Gusti, sarta sadaya saking karsa keparing kagungan Paduka Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa, Kawula nyuwun ing ngarso Paduka Gusti”.

• “Kula nyuwun Mujidad, kula mboten gadah daya punapa-punapa, kula nyuwun daya panguwasane Pangeran, lahir kawula nyuwun, suados anggen kawula netepi ing wajib, anggen kawula ngayahi pakaryaning agesang kawula, sarta anggen kawula nyuwun… anggen kawula memuji…anggen kawula ngabegti…anggen kawula ngayun…anggen kawula sumarah…pasrah…awon-sae kawula, pejah-gesang kawula, lepat tuwin leres kawula ngantos dumugi ing Sampurna mbenjang, sedaya inggih among saking sih peparing kagungan Paduka Gusti, sarta sadaya saking karsa keparing Paduka Gusti”.

• “Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa, Engkang Hamurba, Engkang Misesa, Engkang Kawasa ing Alam, Engkang Kawasa ing Jagad, Engakang Kawasa ing Bawono sak isinipun sadaya, titah dalem kawula, nyuwun ing ngarso Paduka Gusti kanti bebantu, Pituduh, Pitutur, Pituntun, Pitulunganipun Para Kadang…Para Pekunden…Para Pikulun tuwin Panjenenganipun Pangeran. Kaki Among…Nyai Among Dedanyange ing Tanah JOWO…Bumi Nuswantoro…Jagad sak isine Kabeh, kang Lungguh ana ing Dedaratan, kang Jumeneng ana ing Samudra, kang Nggegono ana ing Angkasa, kiblat papat lima pancer, kula nyuwun sih pangayoman, nyuwun sih pangayoman, nyuwun sih pangayoman, nyuwun sih kanugrahan, nyuwun antukna wahyuning Gusti engkang cumondok ing jiwangga kita sedaya, waradin sak gung dumadi satuhu…satuhu…satuhu”.

• Neng-Neng-Ing-Gusti……..
Hiyuwang…….
Engkang Maha……..
Agung-Asih-Adil-Suci-Luhur-Langgeng-Kawasa………

maksute : Pepujan menika wau nggadahi tujuan utawi maksud dumateng sinten kemawon ingkang sami pinanggihan, pinaringana slamet lan bisa tansah dadi apik lan aja nganti ana alangan supaya didohi karo bangsa sing ngewuh-ewuhi lan bisa entuka rejeki sing agung. muga-muga bisa enutk seneng, guyub, rukun, becik, apik, saking karsane Gusti, bisa manggon wonten ing sedulur kang sami pinanggihan lan ugi dateng sak isine jagad. sageto pinaringan kabecikan miturut tatanan kang linuwih Gusti. ( pepujan menika dipun waos wonten pertemuan utawa badhe kesah ).
Dimen antuk asihing Hiyuwang iklas, suci, jujur ing wadaya, eling panduming pakarti, pasrah sumarah purbaning Gusti.
Tegese : supaya kinacek-kinasih-kinayoman marang sing gawe urip, lila lega legawa terus ing batin, bisa mlaku sing sak temenane aja nglalekake pakaryaning urip sing sak benere, akeh sitike, kurang lan cukupe pasrahna karo tukang sing andum.
Lakune : sajroning 40 dina, mangan pisan turu pisan.