Kamis, 08 Juli 2010

BEBUKA.

Sak bubare perang jagad kaping pindho ( 2 ) dumadine NKRI miturut dawuh pangandikane para winasis, ngapinter sarta sarjana ingkang wus kasinungan ing pepajar unine mangkene : ana laku yen dilakoni dadi lakon nanging yen butuh kelakon. Dadi kabeh wis cetha samubarang iku lamun gelem angglakoni tetep bisane katekan lan kasembadhan apa kang sinedya, nanging yen ora butuh kelakon ana laku ya ora usah dilakoni.
Mung kabeh mau saka pribadine dewe-dewe, pramula borong para pamarsudi bisane tekan lan ora ya mung kari pangudine. Sumangga kersa anggenipun para nggladi marga ana tembung ora ana wong kang iso ngrubah saka awake dewe, yen ngendikane BUNG KARNO : NASIP MANUSIA TERLETAK DI TANGANNYA SENDIRI, dadi wis cetha mung kari budidayane manungsa iku dewe gelem apa ora ya mung kari sumangga.
Sutrisnaning pangudi JAWA sak durunge lan sak wise kawaca isining buku iki , linuwih disik menawa ana kekurangane kersoa hanambahi, kosokbaline yen ana kaluwihane muga kersoa angurangi murih apike, sebab kang ngarang buku iki rumangsa ya mung titah sak lumrah utawa ya mung manungsa walaka sing ora ana bedhane karo menungsa liane, mula isine ya mung keliru, luput salah uga akeh mlesete, pramula kang saka iku diagung ing pangapurane
muga-muga wae panjenengane para pandemen ora bosen-bosen tansah kersoa neliti sing nganti njlimet sokur-sokur yen kersoa.hanyatakake kepriye mungguh tenane.
Pramula kang saka iku, pangripta terus terang wae nyuwun sesuluh lan panyaruwene. Sokur bagemenawa kersa paring pituduh marih bisane tinata kanthi titi, nyata lan cetha. Dadine ben iso dirasakake marang bebrayan umum sing padha gelem ngudi ing kawruh KEJAWEN. Sebabe wong sing ngarang buku iki sak benere wae ya mung wong bodho tur lan ra duwe apa-apa. Dene sing dadi mung nekate marga wis ngrumangsani yen awake wis ringkih, umpamane arep kerja ya gek arep nyambut gawe apa ! la wong kekuatane wae yaw is ra ana. Mula ya mung sinambi karo tenguk-tenguk mikir karo migunakake tangane kanggo nylimur ben ora kroso nglangut banget. La ya kaya ngono mau kabeh pramula para-para sutrisna pangudi jawa,kabeh wae tansah kersa paring panngaksama lan tansah kersa anambahi kekurangane utawa ngelongi yen ana keladuk ing atur sing ora mranani.
Ing wusana pangripta bisane ya mung matur nuwun apa anane.

#…..Nuwun…nuwun…nuwun…..#


Disusun oleh :

 Mas Agus.
 Pak Didik.
 Mas Eko Prasetya.







Pangripta saking
Pakdhe Sariengat.
Jl. Tandang ijen RT 09 / RW 11
Kel. Jomblang – Kec. Candisari,
Semarang.

J A W A T E N G A H
I N D O N E S I A R A Y A

2 komentar:

  1. Pak Dhe GERAH !!!!!!!!!!!!

    BalasHapus
  2. Rahayu Mardika
    Nyuwun kontak paguyuban eling bali jawa kuna ingkang sakmenika taksih aktip njih..

    Rahayu

    BalasHapus