Rabu, 07 Juli 2010

BABAR ING PANGLIPUR

Ing ngarep ana tembang panglipur sing cacahe ana 11 pupuh, dene karep lan tujuane mesthine uga wis kawedarake, nanging apa sebabe “Potcung” kanggo nomer 1.

 Potcung
Pot tegese iki padha karo puput wis ucul entek “kempot”, “cung” padha karo pasrah sumarah “sak karepmu”. dadi tegese menawa antarane lanang lan wadhon wis pasrah embuh mengko piye dadine nanging terus nduwe pangrasa ingkang manunggal, dadi lepas saka ing apa wae iki karep lan tujuane Potcung.

 Mijil
tegese menawa wis gelem pasrah lan sumarah biasane terus dadi mijil ing bibit “metune wiji” mula terus bisa anurunake, ya iiki mau babare mijil utawa metu.

 Kinanthi
tegese di kantheni utawa diparingi kanca, tujuane gawenen ngliupur ben seneng, openana, rumaten kanggo kanca bebrayan.

 Gambuh
tegese gambuhna utawa cocokna, gatugna, marang kahanan “pimpinen, wulangen, warahana ben bisa kaya lumrah. ing kahanan sing sak mesthine.

 Durma
tegese tembung durma iki isine menawa anak-anak sing durng duwe nalar utawa pikiran sing cetha, anane gugu butuh sak senenge dewe, mula terus bisa-bisa marakake dadi udur “masalah ing antarane siji lan sijine.

 Sinom
tegese lamun bocah mau wis nyandak umur lekas ngerti arah lan tujuane, biasane terus gelem lumaku nanging mung butuh sak geleme dewe, mangan ngombe wae kaya dilalekake, mula ya ing kene iki menawa wong tuane ora bisa anggene ngarahake biasane kerep-kerepe salh langkah, sok-sok gelem tumindak sing ora sak mesthine dadi banjur kelliru dalane, mula ya sing ngati-ati menawa nduwe anak ngancik ing tataran, nomer 6 iki nggon gawat. la ya ngene iki menawa ana ing duwur mau diarani yagabrata.

 Asmaradana
tegese sengsem “demen” dana “weweh” mula menawa bocah wis ngancik wayah remaja, terus demen marang weweh marang sapa wae sing rumangsa kalebu ana ing rasa lan atine ing pamrih kanggo narik kawigaten supaya ditresnani ing sapa wae. mula ing kene iki terus bisa nyandak anane pepinginan kanggo mbangun ing bebrayan,l bisa tansah becik lan apik ing sajroning uripe. ing kene iki bisa tansah sumeleh rasane lahir lan batine kanthi kepenak ing samu barang apa kang den tindakake.

 Dandang gula
tegese bisa apa kang di tindakake sarwa bisa memanisi ing rasa lahir lan batine, dadine sarwa bisa enak lan kepenak ingkang kagayuh, bisane ayom, ayem, tentrem ing samu barang pari polahe. bisa sinuyudan ing sapa wae ingkang padha srawung. mula ya kudu bisa memanisi ing samubarang pakartine ben bisa sarwa legi kaya rasane gula.

 Pangkur
tegese wis bisa sarwa manis kaya rasane gula mau banjur bisa aningkarake “bisa angepangake sing kanthi jembar, bisa kena kanggo pangayoman marang sapa wae ingkang lagi kepanasan utawa kudanan, pamrihe bisa kanggo nignkarake wiji sing apik lan becik, nanging kudu sarana nganggo ukurane kekuwatan sing didarbegi/ diduweni. dadi kudu nganggo pethung sing genep, aja mung bisa dumeh bisa, mundak ngerkasakake ing sak kabehane. dadi aja lali duga-duga digawa, ngati-ati aja keri. ngelingana mengko ngambah ana ing angka 10 iki tembange

 Maskumambang
tegese biasane menawa wis nyandak tekan nomer 10 iki sing akeh mung kari pamujine, mula ya mung angkane 1 karo 0, karepe ya mung bisa kari bali utawa mulih menyang asal mulane. mula awake ya uwis loyo, lan kekuatane ya wis ora ana, umure uwis akeh, kulite wis pating kerut, mangane wis ora pati enak, turune ora kepenak, lungguh wae rasane wis ora jinak, mula ya wis kaya mas nanging ora ana kanggone, jenenge wae ya wis kkumambang dadi kaya wis ora ana paedahe.

 Megatruh
tegese megat iki padha karo misah, ruh tegese nyawa, utawa pisahing raga lan nyawa, utawa disebut alam ing kasedan jati. iki manungsa menawa wis gelem ngudi teka pasinaon ing tataran 6, egkang ditembungake “sura, laya, brata”
• sura tegese wani
• laya tegese mati
• brata tegese laku.
dadi cethane menawa wong urip mau wis gelem latihan utawa sinau mati, iki mbok menawa wis ora bakal kasamaran ing babagan apa wae ingkang bakal katempuh. wiwit sangkene nganti tekan parane yen tumrap ing ngelmu sinebut sangkan paraning dumadi. ya ngono kuwi babaring panglipur ana ing nduwur mau. ewadene kurang lan luwihe borong ing sak kabehane mung gogoh-gogoh. bab bener lan lupute sumangga anggon kita padha menggalih. kepriye mamrih becik lan apike pangripta mbutuhake kasinaonb, bimbingan lan panyaruhe. mula mawantu-wantu kersa ora sujana ing pambudi kersa paring pitulungan bisane dadi becik lan apik kanggo anak putu ing mbesuk ben bisa dadi manungsa sing utama.
Kanggone wong JAWA khususe, wurakabana wong ing nuswantara umume prelune ben aja banget-banget olehe padha rekasa. bisa memayu hayu rahayuning bawana “sak jagad bisoa selamet kabeh” dadi urip iki be nana kanggone, ana paedahe, aja urip tanpa guna, urip iki gunakna sing sak apik-apike. sak temene ora ana kang bisa ngrubah kejaba ya mung saka awake dewe, mula mangga-mangga kita padha ngrubah budi lan pakrti kita supaya wong iki bisa ngerti marang JAWA KUNA aja malah duwe panganggep menawa JAWA iki rumangsa wis paling ala ora gelem ngnlakoni marang JAWA KUNA, apa sebabe ?
sing ngarang buku iki nate krungu jawa iki dianggep aliran sesat, nanging menawa gelem ngonceki kaya wong mangan duren, kulite di buka banjur klamutane dipangan banjur ponggene ditinggal jebul sesat iki enak banget, tegese sesat samubarang sarwa tata tulisane ……………………. lo ora kepenak to iki, dadi tumindak samubarang apa wae ora mung angger ngawur, dinalar, dipikir, ditata bisane becik lan apik, aja mung butuh bras-bres, telitinen, tatanen piye carane ben kepenak, becik tur ya apik kudune, ya sak-sake sing tata, aja sak-sake iki malah dianggep ala, ya ngene iki sing apik, sengsema, sarwa, tata tembung cekake sesata ? la ya sak banjure iki malah ana piwelinge saka pakdhe sariengat sing unine : mawanti-wanti dadi wong urip mono aja demen nyacat, modo, nyireni, nyalahake, ngluputake kliruning liyan sebab menawa kaya tembung ing nduwur mau ingkang ditindakake sak jagad iki ora ana uwong kang sampurna. mula isine ya maneka warna ing kahanane. dadi becik lan apike murih kepenake ya padha golekana dewe-dewe, supaya bisa becik lan apike aku iki kudu kepriye, marga samubarang apa wae menaw becik lan apik iki ana ngendi papan ngendi panggonan mesti bakal dirumati lan digematenani nganti sok bisa dielus-elus, di iling-ilingi, dijlimeti lan diopeni karo wong sing bisa ketarik, marga saka becik lan apike barang kuwi mau.
Mula yen tembung jawa diarani “laku” sing ateges ala-aku, aku iki ala. mula sok direwangi mawarna-warna lakune sebabe mung kepingin bisane becik lan apik. umpamane isih cili wis disekolahake nganti pirang-pirang tahun iki lagi ilmune, terus yen wis gede demen kumpul marang sapa wae sing wis duwe pengalaman nganti bisa nggoleki sing werna-werna saka tujuane lan sak panunggalane, la ya ngono iki mau kabeh ya mung kadereng saka rasa pamrih becik lan apike, mula yen ana tulisan ing duwur mau, ana laku yen dilakoni dadi lakon nanging yen butuh kelakon, mula ya amung sumangga kersa anggon kita padha amarsudi gelem lan orane ala lan apike, rekasa lan kepenake ya mung ana awake dewe, gelem ngrobah apa ora anane ya mung sumangga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar