Selasa, 06 Juli 2010

PEPARING LAN KARSA KEPARENG ING GUSTI

Menawa wong durung lebeg lan durung bisa ngudari bebandan ingkang sinandahang ing sajroning urip iki, biasane menawa kena ing panandang bisane mung tansah sambat-sambat lan nyebut-nyebut sing unine sok ora karuwan arah lan tujuane. mula yen saking jengkele malah awake dewe sok dipisesa nganti sok keladug, ora digoleki carane mecah lan piye bisane ucul saka bebandane nanging malah saya nambah-nambahi abote ing panandange mula kang saka iki cara wong JAWA diarani cabluk utawa gendeng banget, nanging menawa wong sing wis bener-bener gelem marsudi saka olah ing babagan pasinaon latihan lan belajar kawruh lan pengerten ing perkara apa wae mesti nalar lan pikirane bakal bisa mulur, melar lan bisa nglonggarake ing pangangen-angen mula terus tenang lan bisa nrima, terus bisa bisa dionceki piye anggone anggoleki carane bisane mecahake ing bab perkara ingkang sinandang mau, mula ya dadi terus bisa nemu dalan carane mecahake ing masalah apa wae kanti tenang tur mesti ana hasile sing sarwa nyenengake lan dadi padhang ing pamawase nganti bisa nentremake rasane, mula ya terus bisa sumeleh gumletak ing sakabehe.
La ya ngene iki guna lan paedahe menawa manungsa padha gelem mersudi ing babagan sekolah, sinau, latihan ben aja nganti diajar, dadine diarani landhep.
Carane ngolah, mikir, ngangen-angeni katone rasane tengen, gampang, kayane tenang-tenang wae rasane ora polah ora mobah nanging sok mesthekake hasile “akeh hasile” tur ya kena dirasakake kepriye mengko dadine sing cepak akeh hasile yen ditimbang karo orane. mula yen cara JAWA diarani peka “janma limpat seprapat wis tamat” bisa ngerti carane takon, weruh papan lan panggonane tur ya bisa nangkep tekan ngendi mengko entek-entekane, kaya wis bisa njupuk ing keputusane, dadi bisa maremake lan mantepake rasane. mula isine mung madep mantep, percaya ora bakal nduwe rasa was-was lan sumelang, samar, kuwatir, wedi, isin, lsp. isini mung sumanah,pasrah marang purbaning kawasa, kabeh ana sing nata, ana sing ngatur, kabeh ana sing mrenahake lan kabeh bakal ana sing nggenahake kepriye kersane mengko arak ya diatur tur lan ditata karo tukang ing nata. Pancen urip iki menawa ora bisa olehe nampa lan narima anane ya mung ngangah-angah rasane kurang, kuwatir, gela, kuciwa, rekasa, lan liya-liyane. nanging yen pancen gelem sumeleh sing kanti gumletak tenan jebule enake ora karu-karuwan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar