Kamis, 08 Juli 2010

IKI SANDANGANING URIP

Sakwise apal lan bisa ngresep nganti ana ing angen-angen utawa bisa mlebu ana ing batin kanti nglothok ora tumpang suh anggone ing nata siji lan sijine, bisoa nambah kekuwataning kaelingan, tembusa ana ing tata lahir sebabe apa wong urip mono kedadehan ananing lahir lan batin, mula ya kudu diopeni lan dirumati.
Batine kuwat nanging yen lahire ora ana ya padha wae ora ana gunane , kosokbaline semono uga lahire kuwat nanging batine pengung, bisa-bisa salah arah lan tujuane entek-enteke sok nukulake rasa sing ora prayoga, lali dalane ora bisa bali nyang asale dadine bingung saka karepe dewe, mula kabeh mau ya kudu genep anggone mbudidaya lahir lan batine, ana batin ya kudu ana lahir kosokbaline yen ana lahir ya kudu ana batin. bisoa nyawiji utawa nunggal, cara JAWA diarani “Manunggalin Kawula Gusti”. mula ya kudu diwenehi agem-ageman, sandangan utawa pakaian “peraturan” sing becik lan apik, sing trep, sing pas, sing pener lan sing bener anggone nata siji lan sijine, supaya kepenak anggone srawung lan yen disawang luwes, pantes anggone matrapake unggah-ungguhe, uga bisa genep dasare olehe mapake awake tembung-tembunge carane srawung uga ora lali dadi bisa nuju prana tansah nengsemake. lha yen ngene iki sing diarani “Ratuku aji Saka Abdiku Dora Sembada” tegese “Ratuku Aji Saka” yaiku apa iki golekana dewe sing nganti ketemu. contone : ajining raga saka busana, ajining diri saka ing lathi, ajining patrap saka tumindak, dene sing di arani “Abdiku Dora Sembada” yaiku wong urip iki kudu gelem nindakake goroh utawa ngapusi nanging ya kudu bisa nyembadani utawa bisa ngrampungake ing bab perkara apa wae. contone : “ “ Ha yen sipate menungsa mono iki diwenehi kathok dadi bisa rubah arah lan sesawangane ora saru.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar