Laku Srananing Urip

Supaya urip iki bisa sumeleh, ora gampang bingung lan ora kabotan anggoning laku-lakuning urip, anindakake apa tugasing urip sing kanti bener, upama tembung menterenge “urip iki olahen supaya bisa mateng dadi mangane bisa enak lan kepenak”.
Contone : upama pari kae yen dipangan mentah ya ora enak, mula kudu ditutu utawa diselep ben ilang kulite, yen wis ilang kulite banjur dipupusi ben ilang tepune utawa dekake sing paling lembut, banjur diliwet ben dadi sega la kuwi lagi enak dipangan.
Ana conto liane : upama duren kae yen dipangan mentah iso ngrusakake cangkem, mula ya dingu mateng, kuwi wae aja dipangan sak njerone merga ponggene ya ora enak mula mung dijupuk klamutane wae, tapi yen meh dipangan ponggene ya iso wae nanging ya dimasak disik ben mateng lsp. La nak kanggo manungsa iki ya ana carane yaiku : 1. Olah Raga, 2. Olah Rasa, 3. Olah Sukma, 4. Olah Suara, lan 5. Olah Cahya.
Olah-olah ing duwur iki ana 5 kelase kaya kang wis kabeberake ing buku jilid 1 lan 2. Iki ana tambahane laku kanggo ngunggahake ing tataran-tataran kang wis kawaca ing ngarep.
Lakune : “pasa mutih pitung dina – nyepakake kembang setaman – menyan madu – damar lilin lan lenga wangi”.

Rapale kaya ing ngisor iki :

• KEMBANG Pinangka srana – MENYAN kinarya japa ( sranane madep mantep lan percaya, japane kunjuk ing ngarsa Para Kadang, Para Pekunden, Para Pikulun tuwin panjenenganipun Pangeran, Kula nyuwun bebantu, nyuwun pituduh, nyuwun pitutur, nyuwun pituntun sarta nyuwun pitulunganipun panjenenganipun sami, karewang-rewangana anggen kula netepi wajib, ngayahi pakaryaning gesang kawula, ngestuti sasmita sabda karsa kapareng Paduka Gusti, kalebet bebantu, pituduh, pitutur, pituntun, sarta pitulunganipun kaki among sarta sadaya ingkang sampun pinitados ing ngarsa Paduka Gusti.
). - PEPADANGING LILIN padangna lahir lan batin ingsun, - GANDANE LISAH PERMATI arumna ing asma ingsun sedaya inggih amung saking sih peparing kagungan Paduka Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa kawula Nyuwun


Karep lan tujuane nyediakake piranti ing nduwur mau yaiku :

KEMBANG : “sungkeme aja kumambang”, nduwea ganda sing arum lan nduwe rerupan sing bisa narik ati.
MENYAN : “temen-temen tenanan” panyanamu marang kang gawe urip.
LILIN : ben bisa memadangi ing sak jroning uripe nganti ngorbanake lahir lan batine kaya wujuding lilin kang di obong.
MINYAK WANGI : ben bisa angarumake asma ing uripe ben bisa ninggal jeneng kang arum.