Kamis, 08 Juli 2010

PANGLIPUR

I. POCUNG
“tembang”

1. Ngelmu iku dumadine kanthi laku, lekasane lawan kas, tegese kas nyantosani, setya bodya pangembat ing dur angkara.
“Ilmu iku dadine saka laku, gegayuhan sing sak tenane yaiku tekat sing duwe kekuwatan, niat ing budidaya ngremukake angkara murka”
2. Lumuh nganggur kurang gawean puniku bisa ngambra-ambra, satemah anyulayani, wekasane mung dadi suka sedhela.
“males ora nduwe gawean kuwi bisa ora karu karuwan, akibate mung gawe rekasa, akhire mung dadi seneng sedelo”
3. Yen kebanjur, tumindak kelantur-lantur, kesasaring arah tumuju ing papan sepi, krasa gela tumindak kang tanpa guna.
“yen keterusan tumindake bisa kelantur-lantur, kesasring arah tekane papan panggonan sing sepi, kerasa gela tumindake wis ora ana gunane”
4. Mulanipun, karepe aja diugung mundhak dadi gela, tiwas kaya diapusi, kadhung gela, tan kena kabalenana.
“mulane kepengenane aja di umbar mundak dadi gela, tiwas kaya diapusi kadung gela ora bisa di baleni meneh”
5. Yen kebacut, keliru ing lakunipun, padhangan ing lakon satemene mbebayani, suwe-suwe mung dadi ing panalongso.
“yen wis kebacut ing tumindak ala, kasunyatan sing sak tenane medheni, suwe-suwe mung dadi angen-angen sing nelangsa”
6. Gelem laku, lumampah kang sarwa emut, senadyan ngrekasa nanging bisa migunani, wekasane tumibane sarwa begja.
“gelem tumindak sing sarwa elling, senadayan rekasa nanging bisa migunani, akhire sing di tampa sarwa beja”


II. MIJIL
“metu”

1. Lali-lali dalan bisa lali, lawas saya katon, umpama kawit-witan kang gedhe, tinutuha datan bisa mati, mrajak saya sami, tresna hangrembuyung.
2. Dedalane guna lawan sekti, kudu andap asor, wani ngalah luhur wekasane, tumungkula yen dipun dukani, bapang sinimpangi cinatur amungkur.
3. Lamun bisa purun anglakoni, pantes tinuladha kang supaya becik tur apike, jroning laku ora mbalenjani, tumemen sayekti, teka kang tinuju.
4. Sawise kelakon bisa dumadi, aja nganti lena duga-duga iki patrape, lumakua tansah ngati-ati, selamet ing pangudi apa kang digayuh.
5. Poma kaki sira dipun eling, pitutur utama sira uga striya arane, kudu anteng jadmika ing budi, pinter sarta wasis samubarangipun.
6. Dimene kabeh purun nyaketi, kudu bisa momong, aja rumangsa wis bisa dewe, terus rumangsa ora perduli, kabeh siningkiri ing pamanggihipun.


III. KINANTHI
“konco”

1. Kanthi kaya ing panglipur, mreh sengsem bisa lestari, dadi asukaning nala, ywa pegat anggenya ngudi, ginulang-nulang ing karsa, muga bisa handayani.
2. Daya ingkang ginayuh, becik apik ing pangudi, lakune ing sajroning tugas, lumampah ingkang permati, aja nganti salah arah, wekasan dimen pinanggih.
3. Pramula kang sarwa emut, kudune angati-ati, waspadha paningal ira, tinaliti lahir batin, mulata gegayuhan ira ywa nganti salah ing tapsir.
4. Supaya aja keliru, langkahe ingkang pratitis, aja padha nunjang palang, sesrimpete disingkiri, larangane aja tinerak, golekono murih kasil.
5. Yen wus panggih marginipun, lakune hangati-ati, prayoga aja sumengka, mundhak ora mikolehi, jumangkahe duga-duga, bisane prapting pangudi.
6. Tansah bisoa rahayu, kabeh apa kang den udi, mrih kasembadan ing sedya. kalakon sengsem pinanggih, tumata sabarang karya, nganti jroning panaliti.


IV. GAMBUH
“cocok, pas”

1. Sekar gambung mring catur, kang cinatur, polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula katali kadalu arsa kapatuh, kapatuh kang dadi awon.
2. Mulane kudu emut, lamun tumindak sing ora patut, aja mbacut, becik padha di singkiri, ben aja nganti ketrucut, pamburine dadi gela.
3. Lamun nganti kebanjur, sabarang polah kang ora jujur, bakal kojur, sayekti tan bisa becik , kadhung salah ing panuju, tan kena kabalenana.
4. Becik apik ing tutur, pancen bener emut sarta jujur, purun nurut, eling gelem ngati-ati, dadi prayoga sing kudu, kabeh-kabeh lakonana.
5. Aja nganti ketrucut, nuju seneng sing kebacut-bacut, nora emut, tembene ambilaheni, yen nganti kecemplung kedung, mentase dadi rekasa.
6. Penak rekasa iku amung kabeh-kabeh saking laku, mula kudu, prayogane sing pratitis, aja padha grusa-grusu, sawangen ingkang pramana.


V. DORMA
“nyesuaikake”

1. Ora mundur watak satriya utama, tetep nggen ira marsudi, senadyan bebaya ingkang dipun adhepi, sayekti datan gumingsir, tan kasamaran gegayuh amarsudi.
2. Mrih bisane kasembadan kang sinedya, lakune kang den kencengi, nora ringa-ringa, madep mantep ing galih, tan kengguh panggodha yekti, percaya lamun, puguh mesthi dumadi.
3. Tekat ira kang saya ing ngambra-ambra, nebihake rasa wedi, pan saya ngrembaka, rasane tinaleni, sumelang tan juwarehi, ing tekat sedya mrih kelakon ing pangudi.
4. Yen bisoa kelakon ingkang sinedya, aja keri ngati-ati deduga prayaga kabeh jiwa nganti lali, dimene bisa lestari, sabarang karsa rahayu kang pinanggih.
5. Aja rumangsa lamun bisa prayoga, kabeh kudu tinaliti. Ngendi asal ira, bisa nira pinanggih, teka nganti bisa dadi begja nugraha, becik apik dumadi.
6. Kalamuna karasa rumangsa bisa, sayekti ambilaheni. Sesiku kang ana, mesthi bakal ngalami, marga tan gelem nglakoni, lantaran nira kudune tinaliti.


VI. SINOM
“tembange remaja”

1. Saben menda saking wisma, lelana leladan sepi, ngisep sepuh ing supana, mrih pana prabawing kapti, pipiseng tyas marsudi, prabawa ning puja ulun, mesu reh kasubratan, neng tepining jalnidhi, sruning brata, katampen wahyu jatmika.
2. Jadmika ing laku nira, tan bakal hanjuwarehi, gawe sengseming sesama, sayekti amikolehi, dadi daya ing urip, bisa tinemu rahayu, kaslametan pinanggya, sak solahe dadi misil. Wohing karya kena dipun rasak’ena.
3. Rasa kang nikmat sanyata, dadi suka ing ati, temtrem sumeleh ing nala, ayom ayem hangayomi, pepadhang anyoroti, tumeka sajroning kalbu, gumlethak kersa nira, dudu darbege tan milik, ora ngongso sumangga karsa kang ana.
4. Butuhe mung budidhaya, nglampahi tugas ing urip. Ora gemen neka-neka, kaprah lumrah kang den udi, sak derma hanglakoni, ala lan becik puniku, kabeh mesthi sinandhang, datan kena disingkiri. Luwih penak mung kari nampa lan nrima.
5. Sumarah pasrah sadaya. Tan rinasa hangruweti, panalangsa tanpa guna, gelem tan gelem nglakoni, tan kena diselaki, mung kari derma lumaku, sedaya wus kathatha maring kang andum dumadi. Lan kinodrat marang hanggelar jagad.
6. Hambege kang wusutama, tan ngendhak guna ing janmi, amuguna ing aguna sak solahe kudu misil, pintere den alingi, bodhone dinakok ngayun, ing pamrih den ina, sabar nrima jroning ati, suka rila ing ina marang sapadha.


VII. ASMARADANA
“weweh”

1. Aja turu sore kaki, ana dewa ngangklang jagad, nyangking bokor kencanane, isine dongan tetulak, sandhang kalawan pangan, yaiku bagianipun, wong melek sabar narima.
2. Lakune yen dilakoni, dadi lelakon nira, yen butuh kelakon nyatane, pancen kabeh ora gampang, panggoda pangrencana, puguh kuwati kukudu, santosa ing lahir batos.
3. Tujuan kang diugemi aja nyawang mrana, maran golong gilig ing tekade, mangthengsa sedya nira, lahir batin manunggal, sak uga engkang ginayuh, mrih kasembadaning sedya.
4. Mantepaning lahir batin ora perlu ringa-ringa, sumarah pasrah anane, sarwa apa tinampa lan kudu anarima, sedaya wis dadi pandum, wates garising Hagesang.
5. Bebrayane ( gegarane ) wong akrami, dudu bondho dudu rupa, nanging ati pawitane luput pisan kena pisan, yen gampang luwih gampang, yen angel-angel kalangkung-langkung, tan kena tinumbas arta.
6. Sumangga dipun onceki lakune sajroning gesang, sak daya mung derma wae. ala dikaya ngapa, apik tan kira-kira, wis jinatah mring kang ngatur, tan bisa kasing kirana.


VIII. DANDHANGGULA
“piranti kang manis”

1. Werdining kang sasmita jinarwi, wruhing kukum iku watak ira, adoh marang kanistane, pamicara puniku, weh resepe ingkang miyarsi tata karma punika ngedohaken panyendhu, kagunan iku kinarya, ngupa boga lamun kalakuan becik weh rahayuning angga.
2. Pamedhare wasitaning ati cumanthaka aniru pujangga dahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung lan wruh lamun akeh ngesemi, angrepa angrumpaka, basa kang kalantur. Tutur kang katula tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhang ing sasmita.
3. Sasmitaning ngaurip puniki, mangka ewuh yen ora weruha, kang jumeneng ing uripe, akeh ingkang ngaku-aku pangrasane, sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sumpurna ugi, mring kauripan ira.
4. Jroning urip nggone rasa yekti, nanging pilih kang sami uninga, kajaba lawan tuduhe, manungsa ingkang wis mupus, amutusna rehing pakarti, purun nampa narima. Sadhengah ing pandum, yen sira hayun waskitha, upayanen, manungsa mangkana ugi, sira anggegurua.
5. Lamun sira anggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata ingkang becik martabate, kang sarta wruhing kukum, angibadah lan hangirangi, sukur yen oleh wong tapa, ingkang wus tumungkul, tan milik pawehing liyan, iku pantes sira guranana kaki, sartane kawruh ana.
6. Kawruh becik apik handayani, nadyan ora katon kasat mata nanging gede prabawane, sipate kaya lugu, amung pemut ingkang dumadi, wekasan dadi lega, samudayanipun, lamun purun hanindak’na, bisa darbe daya ingkang mikuwati, sarta paring pepadhang.


IX. PANGKUR

1. Sekar pangkur kang winara, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton punika dipun kadulu, miwah engkang tata karma den kaesthi siyang ratri.
2. Saran ing kautaman, nora liya mung saka budi pakarti, kang olahing rasa kawruh, ngerti mring laku nira, karep gelem hangudi dimene luhur, andhedasar andhap asor pangrasane purun ngerti.
3. Tan samar ing sukma, sinuk smaya win ahhya ing asepi, sisnim pe eling ing kalbu, pambukaning warana, tarlen saking layap liyeping ngaluyup, panda pecat ing sumpena, sumusup ing rahsa jati.
4. Jatining rahsa kang purna, oncot ira ora gampang dingerteni kalumun tan bisa mupus, mucuking papanira, nora samar kabeh kang tansah diputus, pinandeng kawruh ing rahsa, sadaya wus den andhemi.
5. Madhep mantep lan percaya, ora sumelang karsa nira dumadhi, datan mingkuh ing pakewuh, golong gilig ing sedya, tansah tekat puruna hanggayuh, nyawiji manunggal arsa, tumuju engkang piniji.
6. Pangkur wuryaning gisaya, sak durunge sira kaki dumadi wonten pundi dunungipun, sayekti saking sarah, bapa biyung kinarya lan tapam ipun, tan nedya putra mring sira ngrempakken dayaning budi.


X. MASKUMAMBANG

1. Cipta karsa rasa daya tansah mbudi, lulusa bisa nunggal, luluh lan bisa alilih, ngayahi luhur ing sedya.
2. Senadyan kaya wus kabeh tan kumawis nanging puguh ing nala, tan gelema diselaki, lahir batin tekat panggah.
3. SInawanga lahir batin kang dumadi, pancen nora kuwawa ora kena di pungkiri, nyata kalanduk ing yuswa.
4. Amung kantun kang prabawa daya kang maksih, purun amengkanana, lann tansah hangetutwuri, panyurung sajroning karsa.
5. Lamun kabeh padha isa naliti, wujud dadine ana, asale saka ing ngendi tangeh aneh bugti nyata.
6. Nyatane kabeh tan kena disingkiri, mung kari nglakonana ora bisa di selaki mung kari hanglakonana.


XI. MEGATRUH
“latihan mati”

1. Pegat-pegat Brahmana ing wuwusipun, sumurupa angger mangkih, kaya-kaya raganingngsun, uwis krasa anyedaki garis wates ing lelekon.
2. Piwelingku kang mulat sira ing laku,duga-duga ngati-ati sanadyan katon ngaluhur, adhedasar sarwa wasis, jumurung ing karsa nira.
3. Lahir batin tumindak kaya tan jumbuh, rekayasa kang kinudi, nutupi ing pamrihipun, sajak kaya angenaki, pintere akarya lega.
4. Kabeh mau mung saka pramulanipun bibiting budi pakarti, pangudine kudu besus, gelema sarwa naliti, tinata kang sarwa cetha.
5. Sabar sareh aja mung amburu napsu, sedaya wong pinarsudi, lumampah kang sarwa emut, rincanana lan pinikir, mrih tumata kang sinedya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar