Kamis, 08 Juli 2010

-"Eling Bali JOWO KUNO"+: Sopo tho AKU iki

-"Eling Bali JOWO KUNO"+: Sopo tho AKU iki: " Aku iki sopo? Maknane : Aku iki mung asma, Asma iku aran, Aran iku jeneng, Jeneng iku wewaton, Waton iku patokan utawa tenger “( bahasa me..."

Eling Bali JOWO KUNO

KEJAWEN

"Eling Bali Jawa Kuna adalah sebuah keinginan menjadi sebuah kepribadian jawa dan kebudayaan Jawa yang sudah mulai musnah karena tergeser oleh peradaban jaman. modernisasi jaman pada saat ini banyak sekali membentuk mental-mental manusia yang sudah mulai tidak memperdulikan sesama maupun lingkungannya yang akhirnya akan menimbulkan perpecahbelahan dan menuai kesengsaraan bagi keturunan-keturunan kita nantinya, yang disebabkan karena tidak ada “keseimbangan” yang dikarenakan keserakahan-keserakahan manusia. Eling Bali Jawa Kuna suatu perwujudan pesan moral yang kami sampaikan untuk membangun mental Bangsa Indonesia pada umumnya dan Jawa pada khususnya agar berperilaku yang berpedoman pada KALIMA HUSADHA. yaitu dasar dari PANCASILA"
, yang berpedoman Pada KETUHANAN.

G A M B A R

BEBUKA.

Sak bubare perang jagad kaping pindho ( 2 ) dumadine NKRI miturut dawuh pangandikane para winasis, ngapinter sarta sarjana ingkang wus kasinungan ing pepajar unine mangkene : ana laku yen dilakoni dadi lakon nanging yen butuh kelakon. Dadi kabeh wis cetha samubarang iku lamun gelem angglakoni tetep bisane katekan lan kasembadhan apa kang sinedya, nanging yen ora butuh kelakon ana laku ya ora usah dilakoni.
Mung kabeh mau saka pribadine dewe-dewe, pramula borong para pamarsudi bisane tekan lan ora ya mung kari pangudine. Sumangga kersa anggenipun para nggladi marga ana tembung ora ana wong kang iso ngrubah saka awake dewe, yen ngendikane BUNG KARNO : NASIP MANUSIA TERLETAK DI TANGANNYA SENDIRI, dadi wis cetha mung kari budidayane manungsa iku dewe gelem apa ora ya mung kari sumangga.
Sutrisnaning pangudi JAWA sak durunge lan sak wise kawaca isining buku iki , linuwih disik menawa ana kekurangane kersoa hanambahi, kosokbaline yen ana kaluwihane muga kersoa angurangi murih apike, sebab kang ngarang buku iki rumangsa ya mung titah sak lumrah utawa ya mung manungsa walaka sing ora ana bedhane karo menungsa liane, mula isine ya mung keliru, luput salah uga akeh mlesete, pramula kang saka iku diagung ing pangapurane
muga-muga wae panjenengane para pandemen ora bosen-bosen tansah kersoa neliti sing nganti njlimet sokur-sokur yen kersoa.hanyatakake kepriye mungguh tenane.
Pramula kang saka iku, pangripta terus terang wae nyuwun sesuluh lan panyaruwene. Sokur bagemenawa kersa paring pituduh marih bisane tinata kanthi titi, nyata lan cetha. Dadine ben iso dirasakake marang bebrayan umum sing padha gelem ngudi ing kawruh KEJAWEN. Sebabe wong sing ngarang buku iki sak benere wae ya mung wong bodho tur lan ra duwe apa-apa. Dene sing dadi mung nekate marga wis ngrumangsani yen awake wis ringkih, umpamane arep kerja ya gek arep nyambut gawe apa ! la wong kekuatane wae yaw is ra ana. Mula ya mung sinambi karo tenguk-tenguk mikir karo migunakake tangane kanggo nylimur ben ora kroso nglangut banget. La ya kaya ngono mau kabeh pramula para-para sutrisna pangudi jawa,kabeh wae tansah kersa paring panngaksama lan tansah kersa anambahi kekurangane utawa ngelongi yen ana keladuk ing atur sing ora mranani.
Ing wusana pangripta bisane ya mung matur nuwun apa anane.

#…..Nuwun…nuwun…nuwun…..#


Disusun oleh :

 Mas Agus.
 Pak Didik.
 Mas Eko Prasetya.







Pangripta saking
Pakdhe Sariengat.
Jl. Tandang ijen RT 09 / RW 11
Kel. Jomblang – Kec. Candisari,
Semarang.

J A W A T E N G A H
I N D O N E S I A R A Y A

KAREP LAN TUJUANE

Kanggo ngelingake wong kang lali nguri-uri Budhaya Jawa supaya aja lali lan aja kepaten obor, sebabe yen wong lali kerep-kerepe kelangan, mula entuk-entukane ya mung gela. menawa wong kang kepaten obor biasane oleh-olhe ya mung kepetengan wekasane bisa nunak-nunuk ora cetha. yen miturut kaki dalang Ki Nartosabdo unine mengke “Lali sumber dadi aber Lali sumber ketiwasan” sing tegese menawa kita Turunane wong JAWA, Uripe ana Bumi JAWA, Mangane Wulu pametu saka JAWA, Ngombene uga tuk sumber banyu JAWA, mula kita kok pada lali nglalekake marang budhaya JAWA, lha yen ngene iki jenenge apa ya ora lali karo sumbere, mula ya ayo padha di elling, padha di gayuh dimene bisa padha slamet aja nganti kelangan lacak mundak rusak.
Jeneng Budhaya mau menawa saking linggane yaiku “Budi lan Dhaya” dadi menawa kita padha elilng marang budi sing tegese POLAH lan dhaya sing tegese KEKUWATAN JAWA “JA tegese Aja lan WA tegese HAWA”, mulane eyang-eyang biyen anggone ngudi ya ora entheng utawa ora sembarangan. wiwit : 1. Tarakbrata – 2. Pujabrata – 3. Sidhikarabrata – 4. Tapabrata – 5. Yogabrata – 6. Suralayabrata.
 Tarakbrata : Ngurangi mangan, ngombe, medok, main nganti nyuda kesenengan.
 Pujabrata : Memuja lan memuji, nyuwun, nyedakake pribadiane marang sing gawe urip.
 Sidikarabrata : Nekakake gegayuhan supaya bisa katekan utawa kasembadan apa sing dadi kekarepane.
 Tapabrata : Gelem resik-resik supaya bisa suci lahir lan batine.
 Yagabrata : Supaya bisa duwe putra anung, aning, anindhita, waspadha samu barang apa wae.
 Suralayabrata : Lamun tumekaning pati bisa mulih, mula-mula nira bali nign asale.
Mula cekak cukupe murih gegayuhan supayane bisa “Urip Mulya lan Matia Bisa Sampurna”.

KAELOKANE AKSARA JAWA

Ka elokane Aksara Jawa ana telu

Ha “ “ mula diarani luwih sebabe iki ora bisa mati, dadi mung bisa malih rupa dadi wignyan contone :
Haah…Hih…Huh…Heh…Hoh…Heh…Heh.



Ra “ “ iki bisa ajur-ajer sing tegese bisa manunggal dadi sandhangan ya bisa dadi cakra, ya uga ora bisa mati dadi layar. contone :
Rar…Raar…Rir…Rur…Rer…Ror…Rer…Rer.



Nga “ “ mula diarani ngaurip, iki uga ora bisa mati, bisane ganti rupa jenenge malih dadi ceceg. contone :
Ngang…Ngaang…Nging…Ngung…Ngeng…Ngong…Ngeng…Ngeng.

Pramulane teu-telune iki yen di campur bisa dadi Rapal. nuwuhake kekuwatan ing lahir uga ing batin nanging uga di tukua nganggo laku mutih 3 dina karo diwaca 3000 X sak nyandake, sebabe duwea angelmu sak pirang-pirang yen tanpa laku ya padha wae ora ana apa-apane. ( tanpa guna ).

Rapale :
“Ha Ngu Ra Ngi a Rang Ra Ngah – Ha Ngur Ngu rung Nga Rah a Rah”.


maksude : menawa gelem nyuda lan angarang-arangi ing kanepson sing srakah “kamurkan” kalawung “luwih becik” ngurungi “ngopeni” kang ati-ati nduwea tujuan sing becik lan apik. rapal iki menawa gelem ngeing-eling sarta terus gelem nindakake ing saben dinane kena kanggo ngendaleni uripe supaya aja nganti keliru dalane, dadi ora bakalan kesasar tumuju ing papan panggonane totog onggrog sing ora genah.



Aksara mau kabeh yen di waca saben sak kolom lan dibaleni nganti ping 8, sak urut-urutane lan sak teruse ana apane ? coba diraksake dewe. munggah gancar lan karepe mengkene :

“ “ PATAR – “manggone ana ing kemaluan”di kathoki ben aja wudoh, dadi kepenek rasane.

“ “ RAMBUT – “manggone ana ing rambut” sirah iki rambute ditata “dijungkati” ben katon rajin.

“ “ SUKU – “manggone ana ing sikil” sikil iki nak di srandali ing pamrih mlakune ben bisa kepenak.

“ “ TALING – “manggone ana ing dada” dadamu tutupen ben ora marakake penyakit.

“ “ TARUNG – “manggone ana ing dengkul & sikut” luwih yen dengkul, sikut iki ditutupi ben sawangane katon rajin.

“ “ PEPET – “manggone ana ing irung & lambe lsp” menawa mripat, irung, kuping, tutuk, iki pinter olehe mepeti utawa gelem siing kanthi becik, apik kira-kira bisa ngepenakake.

“ “ PERET – “manggone ana ing tangan” pungkasane ana ing tangan lamun bisa nata panggrayange ing mbok menawa iki kena kanggo dalan ing samubarang apa wae, mula ya sing genah olehe mapanake, marga yen nganthi kliru olehe matrapake kabeh mau mesthi nanggung resikone. eling-elingen dawuhe Bung Karno dadi yen ngono kita bisa masthekake bodho lan pintere, becik lan alane, rekasa lan kepenake, rekasa lan begjane. kabeh manungsa iki ya mung ana ing tadhang graying ing manungsane dewe-dewe kabeh.

Mulane yen cara Jawa ana lakune yaiku melek sedina sewengi terus dibacutake pasa telung dina, mangane mung saben sore,
Rapale :
“Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa niat ingsun Tanganku tangan kencana, drijiku driji musthika, kukuku kukoh ing Gusti kang bareng marang pribadi, aja nggrayang, aja ndemek, aja nyedhak, aja nyekel, lamun iki dudu paringaniro sejati, kukuh, kuwat saking sih panguasaning Gusti”.

lha yen kaya mengkene iki yen dilakoni ya tak kira ya ora gampang nyasar sebab yen dudu bagihane mesthine gampang olehane ngipatake, ora pijer kebandan ono kahanan sing ora sak mesthine. tangan mono yen dipupus cara Jawa ya mung saka tembung tatanan ing angen-angen kang wis manunggal marang lahir lan batin mula didadekna sandangan sing becik lan apik, aja nggratil ndak marakake dadi hawa.

RAPAL LAN MAKNANE AKSARA JAWA

“HA”

Sifate = Luwih
Manggone = ana ing lesan, lambe utawa tutuk.
Kekuwatane = ana ing Pangucap utawa wicara.
Watege = Neka’ake gegayuhan utawa karep.
Lakune = Nyuda mangan, ngombe, ngomong sing sak perlune.

“NA”

Sifate = Momot, Padhang
Manggone = ana ing Mata utawa mripat
Kekuwatane = ana ing Pandhelengan utawa pandulu
Watege = Kawroh, mujud’ake temen-temen
Lakune = Melek, elinga aja gampang lali

“CA”

Sifate = Cocok utawa Pass
Manggone = ana ing Grana utawa irung
Kekuwatane = ana ing Panggandha, mambu
Watege = Tumemen, bener-bener anane
Lakune = Ora mbedak-mbedak’ake, direngkuh sing padha

“RA”

Sifate = Gegeter
Manggone = ana ing Talingan utawa kuping
Kekuwatane = ana ing Pangrungu utawa pamireng
Watege = Nampa apa wae entuk’e
Lakune =Sabar, sareh , aja nuruti napsu, elinga tugas lan kewajibane

“KA”

Sifate = Asal utawa Soko
Manggone = ana ing Paru-paru
Kekuwatane = ana ing Pernafasan utawa Pranata
Watege = Golek mrata apik’e
Lakune = Ngempet, ngendali’ake, aja gampang kesusu tumindak yen durung ngerti arah

“DA”

Sifate = Dhadhar utawa Dhadhi
Manggone = ana ing Jantung
Kekuwatane = ana ing Lakuning getih
Watege = Karosan utawa kekuwatan
Lakune = Kudu sregep tumandang gawe, aja keset lan nggampang’ake

“TA”

Sifate = Tata, Tertip
Manggone = ana ing Ati utawa nala
Kekuwatane = ana ing Titen utawa bisa niteni ala lan becik
Watege = Nyantosani, nyembadhani
Lakune = Nganyeb, ngadem’ake lahir lan batine sing sak temene

“SA”

Sifate = Sak utawa Siji
Manggone = ana ing Susu
Kekuwatane = ana ing Tambah kekuatan, palerem
Watege = Bisa nyeneng'ake uripe
Lakune = Ngurangi ing kasenengan lan kudu ngati-ati tumindhak’e

“WA”

Sifate = Woh, Buah utawa Hasil
Manggone = ana ing Telak
Kekuwatane = ana ing Gawe mareming rasa
Watege = Rasa, Pangrasa
Lakune = Mangan bangsane Pala gumatung, woh-wohan sing gumandhul

“LA”

Sifate = Loloh
Manggone = ana ing Ilat
Kekuwatane = ana ing Ngluluh’ake, luwes, lemes
Watege = Gawe Sadare sing di srawung
Lakune = Sirik mangan bangsane sing amis-amis, utawa sing ana nyawane

“PA”

Sifate = Papan, dalan
Manggone = ana ing gulu utawa jangga
Kekuwatane = ana ing gelem nanging ora langsung
Watege = aweh pangerten marang sapa wae
Lakune = Gelem nglah ning aja kalah, pamrih bisane becik lan rukun

“DHA”

Sifate = Dhadhah, dhadhal
Manggone = ana ing dhadha
Kekuwatane = ana ing bisa ngrampungake perkara
Watege = Menehi rasa sumeleh
Lakune = Ngrowot, mangan bangsane pala kependhem

“JA”

Sifate = Bener-bener
Manggone = ana ing dubur, silit
Kekuwatane = ana ing katemenan utawa disiplin
Watege = pinarcaya ing polah tingkah’e
Lakune = Sregep lumaku aja dhemen sambat wae

“YA”

Sifate = Saguh
Manggone = ana ing wadug utawa weteng
Kekuwatane = ana ing ngejur ing samubarang apa wae
Watege = milah-milah agal alus ala lan apik’e
Lakune = Mutih, aja mangan liyane sego putih lan aja ngombe liyane banyu putih

“NYA”

Sifate = Paweweh
Manggone = ana ing wewadi
Kekuwatane = ana ing dadi rasa seneng
Watege = Sregep mbudhi dhaya ( uasaha )
Lakune = Aja cidra “selingkuh”, lumakua sing sak benere utawa tumemen

“MA”

Sifate = Emoh, mamat
Manggone = ana ing Astha utawa tangan
Kekuwatane = ana ing Panggrayangan
Watege = Bisa nampik milih ala lan apik’e
Lakune = Aja milik sing dudu bagehane, aja ngesir sing dudu duwek’e

“GA”

Sifate = Gogoh-gogoh, gagap-gagap
Manggone = ana ing sikil
Kekuwatane = ana ing ngoyak gegayuhan
Watege = Sumeleh, tentrem ing urip
Lakune = Nuju ing papan panggonan sing sepi “Ziarah”, ngening’ake angen-angen

“BA”

Sifate = soal, masalah
Manggone = ana ing Sungsum
Kekuwatane = ana ing nggolong’ake, manungaling tekat
Watege = Ngrampung’ake pakaryan
Lakune = Ajeg gelem nindak’ake Sembahyang, puja, puji lan nyenyuwun marang sing Gawe Jagad

“THA”

Sifate = Thothog utawa wadah
Manggone = ana ing balung
Kekuwatane = ana ing bakoh, pipit, rapet, kukuh
Watege = bisa kuat ing panandhang
Lakune = Aja kengguh ing panggodha, ngertia eneng lan ening

“NGA”

Sifate = Ing ngaurip
Manggone = ana ing kabeh
Kekuwatane = ana ing pangayoman, ngemong
Watege = Ngulat’ake apa sak kabehe
Lakune = Kudu tansah ELING lan NGELINGONO

AKSARA JAWA

AKSARA JAWA yen di WACA...5

“HA”“ NA ” “CA” “RA” “KA”

# Ana utusan, Tugas utawa Perintah
Yen manungsa iki di utus, di perintah utawa di kek'i tugah karo sing Anggelar Jagad


“DA” “TA” “SA” “WA” “LA”

# Ora bisa suwala utawa selak
Gelem ngono rak gelem yo ngono, mula rundingen bareng-bareng.

“PA” “DHA” “JA” “YA” “NYA”

# Padha kukuwatane, kasektene, seimbang lan sejajar.

“MA” “GA” “BA” “THA” “NGA”

# Mangga niki bathange utawa hasile, dadi kanthi nira, dadiya srana.
ya kuwi hasil wohing ngaurip

“NGA” “THA” “BA” “GA” “MA”

# Ngurangi mangan, ngombe, merem,madat, madon

“NYA” “YA” “JA” “DHA” “PA”

# Pinaringan saguh, aja bola-bali pada takon terus-terusan

“LA”“ “WA” “SA” “TA” DA”

Luwih sak tatanane dad "lalahwah satata dadi"

“KA” “RA” “CA” “NA” “HA”

# Asal rencana, nduweo rencana "pikiren sak durunge tumindak"