Saka Percaya Anane JOWO

Percaya Jawa “Jawa Percaya” Sing tegese :
o Bener-bener yen aku iki pancen ana Jawa.
o Yen tineliti jebule jawa iki bener-bener nduwe kekuwatan simpenan sing ore mung sithik.
Dadi menawa gelem ngudi sing sak tenane mono ya lahir lan batine kena di buktekake, di nyatakake apa sing sak benere bisane becik, apik bisane anteng meneng, tentrem ayem tur bisa hangayomi. Dadi urip iki ben bisa ana gunane, aja ta kaya uripe pitik, wedus, sapi sing digunakake mung daginge yen wis lemu disembelih, yen kaya uripe nyamuk, tikus, coro, homo, wong kang tumindak cidra, uripe ya di oyak-oyak marga demen gawe sengsarane lian “ kaya uriping penyakit”.
Mung emane ing jaman saiki wis ora akeh sing gelem percaya malah kepara ana wong kang nganggo cara jawa diarani werna-werna sak geleme olehe ngarani. Lha ngene iki anane, dene lekase wiwit ana jaman hindhu, budha, islam, diterusake anane mlebu nasrani, iki lahir lan batining menungsa jawa wis ake umume padha kejajah nanging ora kerasa lan rumangsa, sebabe saking aluse cara anggone ngerekadaya wong sing saka manca “politike sing hebat” dadi cara lan carane kita iki kabeh wis padha kejajah nanging ora krasa menawa urip kita iki padha kejajah. MANGKA MANAWA KITA PADHA GELEM NALITI 3000 tahun sak durunge tahun masehi JAWA IKI SAK BENERE UWIS ANA manungsa ingkang luwih kesdik ( luwih mumpuni ing babagan kawruh, ilmu, ngelmu, panemu nganti tekane pangerten ing babagan sesurupan apa wae ingkang bakal di sumurupi ).
Contone : Ana jangka-jangka, karangan-karangan, ramalan-ramalan nganti tekan nggone pitudhuh-pitudhuh bisa ditutur akengan cinetha lan gamblang sak gamblange tur ya ora tahu luput lan ora mleset seka apa kang dikarang.