Kamis, 08 Juli 2010

LAKUNING URIP

Wong urip iki mono ibarate ya mung padha karo belanja nyang pasar, mula ya elinga karo lawang “dalan tujuane” apa sing kudu dituku, kepriye olehe nggawa belanjane, la yen wis rampung entek duwite, entek wektune, komplit belanjanane kudune ya eling karo tugase bisa digawa bali mulih menyang omahe lan aja lali dalane, aja nganthi keliru lan aja nganti mowat-mawut belanjanane. dadine ya kudu ati-ati temenan, eling-elingen apa tau rip iki ? “urip iki ya mung tugas” pramulane eling-elingen aja nganthi lali apa meneh yen nganthi nglali ? iki malah bisa kelantur-lantur utawa saya bisa akeh goda lan rencanane, saya akeh penadange “tambah kebak ing panandang” sebab urip iki ora mung ijen mula sawangen, weruha kiwa-tengenmu, ngarep lan mburimu priye kahanan lan kedadehane? napa sebabe? terus kepriye meneh kelanjutane? lha yen ngene iki sing jenenge sandangan lan lakuning urip utawa yakuwi sing diarani tugasing urip. gelem ya ngono..! ora gelem ya ngono..!! umpamane wong lara ngelu ngono gelem ya ngelua..! ora gelem ya ngelua..!!
Mula cara gampange bingunga utawa mumeta, sandangen, lakonana, gawanen, tindakna iki mau uwis dadi tugas “wajib” ing ngaurip, utawa garising urip. cara tembung mentherenge “Kridanig ati ora bisa mecah kutha, ning pasti budidhayaning manungsa ora bisa ngowahi garise ingkang Kawasa” iki uwis ora bisa diselaki maneh. pramula kang saka iku golekna dalan sing kepenak dilewati lan sing padhang sorote, resikana regete ing pamrih bisaning rancak lakune, aja nganti ana sing nggangu gawe, lan aja ana sing nyrimpet-nyrimpeti. ewadene…carane yaiku cedakana lan gawanen trisna asih marang sak sapa wae lan apa wae supaya bisa aweh bebantu lan pitulungan. yaiku “Putihna rasamu”
Lakune :
Pasa mutih 7 dina karo
Rapale :
“Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa Nur cahya sira tangia, nur buat sira ngadega, ngadeg jejer ana sak tengahing jagad, Raga sukma Rasane kang dludu marang aku, pinaringana tresna, asih, marang raga sukma rasaku”.
diwaca ping 700 sajroning 7 dina 7 wengi.
maknane :
 Nur cahya sira tangia tegese : iki gunane nggugah cahya “sunaring” Gusti ingkang wis kita tampa, iki bisa sumunar sing luwih padhang njaba-njerone.
 Nur buat sira ngadega tegese : tugasing urip kita iki aja sak kepenake dewe.
 Ngadega jejer ana ing sak tengahing Jagad tegese : tujuane ben bisa katon ngegla “cetha” bisa didelengi lan bisa di delok-delok endi sing apik lan endi sing ala “bisa milah”.
 Raga sukma rasane kang dludu marang aku tegese : senadyan mung watu iki ya ana ragane, la yen sipate wit-witan iki ya ana ragane lan sukmane, mula bisa urip. lha yen kewan iki genep telu, apa meneh manungsa, ya saya luwih akeh tambahane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar