PUGUH PANGGAH BUDI LAN PAKARTI JAWA.

Menawa kita padha gelem naliti sing sak benere lan sak tenane, kurange apa ta jawa iki ?!!!
 Yen dijupuk saka hurupe :
Ha-Na-Ca-Ra-Ka lsp. Mlebune ning “kawruh ilmu, ngelmu lan panemu“ ora kurang genep, kabeh yaw is cetha lan bisa mumpuni.
• Kawruh : Saka weruh dumadine isining alam kang bisa ketemu, banjur diarani Ilmu.
• Ngelmu : Angel yen during ketemu lan angel yen wis ketemu, dadine
• Pangerten : Papan panggone ing arane urip kang sarwa titi, munggahe menyang
• Panemu : Pen satu arah, satu titik, satu tujuan anane nemu sarwa entuk.
 Yen dijupuk saka tata Bahasane :
Saka Krama Asor, Tembung Ngoko, Krama Madya, Krama Inggil, Tembung Bagongan lan Tembung Kawi. Kayoa ya uwis genep kanggo tembung srawung supaya enak lan kepenak dirungokake.
 Yen dijupuk saka Kesenian lan Kebudayaane :
Wiwit Wayang Kulit, Wayang Wong, Ketoprak, Ludruk, Campursari, Keroncong lsp. Kayata ya uwis ora kurang.
 Yen dijupuk saka Patrapsilane :
Sopan-santun, Andap-asor, Ramah-tamah, Lemah-lembut lsp. Kena kanggo kawigaten marang sapa wae ingkang disrawung.
 Yen dijupuk saka tingkah lakune sing ora apik :
Ana dengki, srei, metikil, jail, methakil lsp. Nanging
 Yen dijupuk saka tingkah lakune sing becik :
Yen wong jawa gelem ngapiki wateke mojh kalah apike, mula cara tembung Kusuma DIlaga yaiku : dadi kekembang ing perang, ya perang lahir utawa batin, wani ngorbanake apa wae, gelem kalah uga mati.
 Yen dijupuk saka tata carane saka lahir nganti mati :
Ana lakune dewe-dewe. Contone : Pitonan, Brokohan nalikane lahir, Selapanan nagnti tekan Tahunan lan sunatan. Tat carane sak laki rabi utawa temantenan, nganti carane wong nengkarake anak keturunane kang sinebut Yogabrata nganti tekan bebundel pupating yuswa, kabeh ora ana sing katalumpen. Wiwit sur tanah, nganti telung dina, pitung dina, nyatus, mendak pisan, mendak pindo, nyewu, kabeh mau ana sranane nganti bisa SAMPURNANING URIP.
Dadi cara tembung menterenge PRASASAT SINEDYA ANA CINIPTA DADI KARSANE SARWA CUMEPAK. Sing tegese : tansah kinacek, kinasih marang ingkang hanyiptakake Jagad. Ya ngene iki sing di arani SUPER POWER dunia. Mula menawa kaya ngene iki ditinggal apa ya ora eman-eman
Mula yen kaya ngene iki ditinggal apa ya ora padha eman-eman. Lihat Peta Dunia……!!
Bumine, Banyune, gunung-gununge, Alase, Barang Tambange, Iwak Laute, lan lia-liane wis ta kabeh sarwa komplit. Lha kok manungsane ora padha niti “ niteni”, apa ora padha mekake anak-putu lan keturunane mbesuk, mbok ya padha ngelingono wong aku iki nduwe keturunan Anak-putu-Buyut-Canggah lsp, dadi ayo ta padha elingana rapale:
Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa kawula Nyuwun Eling, Nyuwun Ngerti, Nyuwun Cukup, Nyuwun Kinabuling panyuwun kula Gusti, saking sih peparing kagungan Paduka Gusti sarta sedaya saking Paduka Gusti kawula Nyuwun Kekiyatan ing Lahir nyuwun kekiyatan ing Batin anggen kawula tansah nampi sih peparing kagungan Paduka Gusti, sarta sedaya saking karsa kaparing Paduka Gusti Kawula Nyuwun Teguh Rahayu, slamet sak lampah kawula sak keluarga kawula lan sak barang darbeg kawula Gusti, Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa …Kawula Nyuwun…Nuwun…Nuwun…Nuwun”.