Sopo "to" Aku iki ???

 Aku iki sopo?
Maknane : Aku iki mung asma, Asma iku aran, Aran iku jeneng, Jeneng iku wewaton, Waton iku patokan utawa tenger “( bahasa menterenge nama )”. Dadi cetha aku iki sapa.



 Kudune Kepriye
Maknane : Wong urip iku kudu nindake utawa nglakoni tugas ing ngaurip, ing antarane yoiku :
1. Netepi wajib.
2. Ngayahi pakaryaning urip.
3. Ngestuti sasmita sabda kersaning sing gawe urip.



Netepi Wajib : ana patang perkoro : Mangan wareg – nyandang wutuh – mapan manggon sing genah – lan seneng.
Ngayahi Pakaryaning Urip : nyambut gawe sing genah supaya bisa nulungi sapa wae kang butuh pitulungan, ( nglakoni lakuning urip ).
Ngestuti sasmita sabda kersaning sing gawe urip : nindakake sembayang lan nglakoni memuja-memuji nyedak kalih sing gelar Jagad ( Gusti )

 Apa Gunane Urip
Maknane : sak benere wong urip iki mung piranti utawa mung sarana kang gawe urip, kang digunakake saka karsa karsane sing gelar jagad. Contone : wong gawe TV ya butuh mung ditonton lan dirungake suarane, yen gawe motor ya butuhe mung dienggo tumpakan, upama wong gawe palu ya mung butuhe dienggo nuthug, lsp.