Temen lan tinemu ik ganggo ngentheng-enthengi sesangganing urip. tembunge “sing sapa temen bakalan tinemu” contone mengkene umpama temen-temen olehe mangan ora wurung ya gede wadage, nanging yen kakehan ngombe ora wurunga ya mung mblending wadage lan nguyah-nguyuh, la yen sregepe mung turu entuk-entukane ya mung peteng, amarga matane ketutupan plapukan tur ya biasane akeh laline lsp.
Mula ana tembunge mengkene kaya ukara sing uwis kababar ing nduwur kemau “Sapa sing utang ya kudu nyaur” – “Sapa sing nyilih ya kudu ngulihake” – “Sapa sing nandur ya mesti ngunduh” kabeh iki ora bisa diselaki maneh, supayane bisa becik lan apik kita kabeh ya kudu gelem ngrumangsani yen urip iki sakbenere ora mung urip dewekan, ake kancane lan akeh tunggale, mula ya kudu gelema sesrawung lan gelema bebrayan, bisoa gotong-royong karo kiwa-tengene, ngarep-mburi lan ngisor nduwure, ing pamrihe supaya urip iki aja nganti ngrasakake rumangsa wis paling abot, rekasa, kangelan lan paling sengsara, amarga enthek-entheke sok ana jenenge wong sing putus asa “nglokro” mula iki biasane dadi sirikan utawa dadi larangan ing ngaurip, dudu tugasing ngaurip.
Mula eling-elingen karo tugasing urip karepe ben aja nganti keliru arahe ben bisa mulih meneh menyang asal mulane. dene carane yaiku
Rukuna karo awake dewe
Rukuna karo sing disilehi
Brayan karo sak gubenge
Urip kita iki mono pinaringan ananing lahir lan batin, mula yen kita padha bisa gelem ngrukunake antarane lahir lan batin kita kabeh bisa minangkani. bisa minangka kekuwatan olehe nindakake tugase ing sajroning uripe. mula lamuna gelem ya tunggalna antaraning lahir lan batin kita. carane kita kudu eling nalika kita dilahirke ana ing bumi iki saka guwa garbaning sang ibu, ngelingana menawa kita lahir iki mau ora mungijen “dewekan” nanging pinaringan rewang “kadang/sedulur” mula ya ngertenana. mengkene iki sing diarani bisoa nyuwiji “satu arah lan satu tujuan” manunggal.
Lakune :
Nganyep 7 dina ( ora mangan sing bangsane amis-amisan “kewan” sarta kabeh masakan sing ora nganggo bumbu, uyah lan gula ).
Rapale :
Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa “Marmati kakang kawah adi ari-ari lahiring getih pupaking puser, kadang ingsun papat lima pancer, ingkang metu ing marga hina kang ora metu ing marga hina kang lahir bareng sedina sewengi kabeh, bapa nta ana ing ngarep, ibu nta ana ing mburi”.
Aku ngaturake sak kabehing luput, nyuwun pangapura lan begti konjuk ing panjenengan sedaya, kawula Nyuwun bebantu, karewang-rewangana anggen kula ngayahi pakaryaning agesang kawula. ayo mangan bareng-bareng, ngombe lsp.
Tapi yen arep turu disuwun “TUNGGONONO”.
Tegese :
Rikalane kita isih ana kandungan sibu “ibu” sing wis genep sangang sasi sepuluh dina, iki tegese wis entek wektune, mula sibu nglahirake sedulur sing paling tuwa dewe yaiku kang sinebut aran “marmati” sebab metune ora saka marga hina, nanging metu saka sela-selaning rasa lan pangrasa mula bisa nuwuhake ananing gegeter dadi sibu bisa mesthekake yen arep nglahirake. lamuna wis mapan banjur ngetokake sedulur sing keloro yaiku sak prelu mbuka wiwara kang kanggo mbuka lawang supaya bisa lancar yaiku sinebut aran “kawah” ( air ketuban ), sak bubare metu banjur “aku” dietutke karo sedulur sing nomer telu yaiku sing kasebut “ari-ari”, banjur dipotong lan dirokti kanti becik lan apik marang ingkang kawongan, nanging ora mung kuwi thok-thokane, dadi diterusna sedulur sing kapapat yaiku sing sinebut “getih” lha sak banjure ana sing durung segelem dipisah yaiku sedulur sing kelima sing kang sinebut “pupaking puser”.
Mula yen gelem nguri-uri lan gelem nyedaki, sambat sarta gelem mangerteni, ing kene iki uga bakal dibantu sarta direwang-rewangi ing sak pari polahe. ya senadyan ora katon wujude nanging bisa dinyatakake. contone mengkene saumpama wong numpak motor kae menawa bane nggembos “ora nana angine” mula karet, wesi lan peleke bisa ajur, mangka yen disawang sing ana njerone ban kae ya kaya ora ana apa-apane. lha yen ambegan..? wektu sing tak sedot iki apa ? lha yen sing wis tak wetokake iki wujude ya kaya ngapa ?, nanging yen di ogokake kok ya ana sing bisa werna-werna arahe ! dadi cethane ya ben ora kena disawang nanging jebul ana lan kena dinyatkake. mula sumangga anggone nyelehake ing babagan kapercayane dewe-dewe. Kabeh mau ya gumantung saka karepe dewe, sak temene “ala, apik, seneng, rekasa, pinter, bodho, kabeh-kabeh iki ya mung tembung saka budidhayane awake dewe, borong olehe nglakoni, sebabe ana tembung sing unine mengkene “yen butuh kelakon ana laku ya kudu gelem nglakoni dadine lakon nanging yen butuh kelakon” .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar