Selasa, 06 Juli 2010

TUGAS-TUGAS ING NGAURIP.

Wong urip mono sak jane mung nduwe tugas telung prakara yaiku :
1. Netepi Wajib
2. Ngayahi Pakaryaning Urip
3. Ngestuti Sabda Sasmita Karsaning Gusti

1. Netepi wajib
tegese :
Bisa mangan sing wareg
Nyandang nganggo sing wutuh
Mapan manggon sing kepenak
Nggayuha kesenengan sing muruat nanging kudu nganggo ukuran

Kita kabeh mesti ya mung kasile saka pakaryane apa wae kita kabeh kudune ya gelem mbudidaya piye anggone carane makarya kudu digoleki sing nganti bisa nduwe patokan pegaweyan embuh piye carane sing penting kudu bisa nyambut gawe, tur ya kudu sing bisa hasilake kena kanga bisa nyukupi anane tugase. ben bisane kena nyukupi kebutuhan apa wae, ya saka kebutuhaning lahire uga kebutuhaning batin mau.
sebab ngarep mau wis disebutake ananing lahir lan batine dadi cethane, senadyan lahir iki sugih yen batine mlarat mesti akeh bingunge kerep-kerepe terus salah arah lan tujuane ora kena dienggo wewaton “patokan”, nanging uga ana tembung kosokbalene batine sugih ning lahire ora cemepak uga katiwas mbingungake ora karuwan genahe, mula becik lan apike ya kudu di udi bareng-bareng bisane lulus nyawiji “satu arah satu tujuan” ( manunggal Kawula ing Gusti ) antaraning lahir lan batine, dadi aja keri salah sijine iki ana cara kanggo nggampangake olehe tumindak supaya srawunge bisa resik, padang lan kepenak dilakoni
Lakune :
Adus kramas sewengi ping pitu, goleka pitung sumber uga utawa nglakonana kungkum ana kali sing pethuk, uga pitung wengi. kari ngendi sing dipilih, sumangga…….

Rapale :
“Gusti Hiyuwang Engkang maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Kawasa Niat ingsun adus – banyuku banyu nur ing Hiyuang tumurun saking kodrating Hiyuwang – Cahyaku murup – Gandaku wangi – Paningalku padhang – saking sih peparing kagungan Paduka Gusti sarta sadaya saking karsa kaparing Paduka Gusti Hiyuwang…………………………kawula nyuwun…Nuwun…Nuwun…Nuwun”.

terus adus yen ana sumber pitu, nanging menawa ana kali pethuk “kali tempur ya uga banjur nyemplung terus kungkum sak betahe sukur lamun kuat suwe nganti bisa ngrasakake banyu mau bisa kaya rasane dewe daddi ora krasa yen banyu mau adem”, anane enak lan kepenak, iki luwih kekuatane.
maksud lan tujuane kenapa kok sumber pitu :
Supaya ing sak enggon-enggone bisa antuk pituduh sing duwung tahu diweruhi olehe pitutur sing becik lan apik nganti tekan anggone ngomong awake dewe iki aja nganti salah arah dadi ya bisa omong sing cetha lan kepenak dirungokake, bisa oleh pituntun ben aja nganti salah arah, aja ngati keliru dalane, dadi bisa tekan papan panggonane sing dituju kanti rancak tur bisa ana hasile sing bisa nengsemake, lan menehi uga antuk pitulungan ben bisa kepenak uripe aja nganti kecemplung ing jurang kacilakan.
Mula kabeh mau ya mung gumantung ana lakune awake dewe, sumangga apa anane la ewodene bab kali pethuk mau sak benere ya amung kanggo methukake antaraning siji lan sijine supaya bisa padha kepethukake kabeh-kabehe. dadi karep lan tujuane uga padha nanging kabeh mau ya mung saka kita pribadi kepriye anggone ngudi sing temen ya bakal ketemu.
Mula ya borong ing sak kabehe, Manawa cara Jawa aja mung hawane tok-tok sing mlaku nanging kabeh mau ya mung saka lakune, mula diarani laku iki sak benere ya mung saka tembung “ala-aku” menawa diwalik tembunge yaiku “aku iki ala” mula ya digoleki piye bisane becik lan apik, ora mung nggoleki salahe lian. lupute wong lia lan kelirune kiwa tengene wae, dadi sing penting bisane apik lan becik, aku iki kudu kepriye ?. sing diarani Kitab iki aja buku sing ditulis dadi cethane buku iki duwu kitab – menawa kitab iki ya dudu buku.
Yen buku iki mung bubuh uwuh utawa mung sawijining ater-ater, nanging yen kitab yaiku di etap “ mula ya kudu wani ngetape”, gelem nglakoni.
mula eling-elingen ana laku yen dilakoni dadi lakon nanging yen butuh kelakon, dadi cethane yen butuh kelakon ana laku iki becike ya mung dilakoni ben bisa kelakon. dadi padhakaro ngunduh woh ing pakarti sing sak tenane, borong sing sak kabehe. nek mung kari mbengok kuwi gampang, nanging sing nglakoni iki ya sing abot. nanging sak benere menawa pancen gelem mbunderake tekat sing sak tenan-tenane, ora ana jagad iki sing abot. wong ora nggawe mung nggunakake ora nyitak nanging melu ngrusak marga ana tembunge mengkene, Gusti ora bakal paring gawan sing luwih abot saka takere, kekuatane kang dititahake.
Dadi cethane menawa kekuatane iki mung sepuluh kilo paringane utawa momotane ya ora bakal kaliwat sepuluh kilo. malah sok-sok kurang saka sepuluh kilo, nanging gandeng cara montore service sing ora teliti “pangopene manungsane sing ora titi”, mula ya nganggep rumangsane gawane kaliwat saka ukurane. mula ya sing teliti olehe ngopeni awake dewe iki piye bisane entheng lan kepenak dirasakake, borng olehe nggoleki piye carane, borong ing sakkabehe.
ana patang werna arane

2. Ngayahi Pakaryaning Urip
tegese :
Menawa kita rasakake lan kita semak tembung ing nduwur iki kaya-kaya mung ora sepiroa ing kahanane dadi ya mung kaya gampang diucapake, nanging yren gelem njlimeti sing kanti njimet tur titi temenan jebule urip iki ora gampang nanging kok mayar, lha ngene iki sing marakake mbingungake, kaya sing wis dipaparake welinge simbah –simbah biyen “duga-duga digawa ngati-ati aja keri” lan ana maneh yaiku “witing tresna jalaran saka kulina”. lha ya ngene iki lho sing dadine kudu mulat sarira kang rasa wani, dadine ya yen isih wedi aja wani-wani yen wis wani aja wedi-wedi, duwea gegondelan sing kuwat, bakuh lan kukuh ngertia gegambaran mengko dadine kepriye, dadine ya kudu semaken lan telitinen titenana sing wis tahu dialami lan delengen sing kanti cetha kepriye menkone karepe, ben bisa becik lan apik kepriye carane, aja mung butuh bras-bres, entek-entekane bisa kecemplung ing juranging kanisthan lan kasengsaran.
Eman-eman urip iki ora sepiroa suwene, mesakake bangsane anak, putu, buyut sing during weruh ngrasakake kepenake la kok ngerti-ngerti uwis kesandangan rekasane, apa ya ora idhep karo bangsane sing padha ngalami sing kaya ngono mau. mbok mangga eling karo tandurane dijaga sing becik-becik ben bisoa ana wohe sing nyenengake anak, putu, buyut lan para keturunane mbesuk ben padha bisa ngrasakake wohe tandurane lan kangelane wong sing uwis padha tuw-tuwa, bisoa adil, makmur temenan aja mung mandeg ana ing pangucap-pangucap wae lan bisoa tulus sing sak nyata-nyatane. eling-elingen “aja mung HAWA” aja mung ngumbar hawa.
lakune :
iki diucapake ing sajroning 21 dina 21 wengi karo dipasani “mangan sepisan, buka jam 5 sore nganti jam 8 bengi, menawa uwis jam 8 aja mangan ojo ngombe nganti jam 5 sore maneh. utawa
7 senin 7 kemis.
rapale :
tatas, titis, tetes, teteh, tata, titi, tentrem, mulya.

Ing bab keterangane rapal ing ngarep mau uwis ora kurang cetha nanging iki ana maksude ing lakune, kenapa kok njupuk ing 21 dina 21 wengi, iki tujuane bisoa nduwe ukuran sak lilihe ukuran kaya sing di karepake. ewadene laku 7 senen 7 kemis iku uga nduwe maksud sing prelune ben aja gampang nyeneni lan aja nganti diseneni ing uwong liane dadi bisa padha imbang rasane, bobote ora bekeh. Lha ewadene 7 kemis iki tujuane entuk pituduh, pitutur, pituntun lan pitulungan.
Dadi cethane wong urip iku aja mung duigedhekake anggone njaluk, emen-eman temenan ajining awak iki ben aja ngnti asor banget, wong demen njaluk ngono katone ya ora elek wong kabeh mau iklase saka sing maringi, nanging menawa dipikir-pikir sing temenan jebule kok ya kaya asor banget derajte, rungokna wong sing njaluknjaluk kae tembunge kepriye, mengko ora bisa krasa ana angen-angen nanging ya kudu diresapi sing sak temenan piye rasane. mula yen pakdhe nduwe pepatah sing unine mengkene “Daripada lapar dipasar lebih baik sakit di atas bukit” sing karepe mengkene :
menawa aku kaliren utawa ngeleh ing tengah pasar mesthi akeh uwon gsing menehi panganan lan ngombe, yen prelu ya sok diwenehi duwit utawa dadi rerenggan lan dadi gaweane wong sing ana ing pasar kono dadi suwe-suwe ya diopeni wong-wong ing kiwa tengene pasar kono, mula ya ora samar kapiran meneh, nanging terus ana tembung kosokbaline menawa aku iki uwis bisa kecukupan ana ing ngomah gelem ora gelem mesti ana tembung piweleh, dadi cethane kekuataning menungsa sing mitulungi mau jebule tak kira ya mung padha karo kekuwatane wong sing liane, malah-malah menawa aku iki bisa ndeduwean sing radha luwih, sithik wae ana tembung sing ora ngepenakake kuping.
Umpamane mengkene sugihe kae wong ya gawehane ya mung ngemis “la orakepenak to iki” nanging beda menawa bena lara ing pucuk bukit umpama memang kodrate mati yen pancen rasane wis dielosake isine mung lila iklas lan sumarah marang purbaning ing Kawasa, tak kira matio urip ana kanane ya ora bakal kesasar dalane, nanging menawa urip tinardawa umure tak kira ya ana pitulungane, embuh saka ngendi asale nanging mesti bakal entuk kamulyan sing sak temene. tur ya ora bakal ana piwelehe wong iki mau kabeh ing mbok menawa saking karsane Gusti ingkang tansah paring pangayoman marang titahe, mula ya ora ana tembung piwelehe, tur ya mesthi enak, kepenak, becik lan apik dadi mesthi ya nduwe rasa kamulyan sing ora ana tandingane, tur ya diatur prayogane kepriye wis ana kana kabeh sing mrenahake. iki jenenge mulya sejati.

3. Ngastuti sabda karsaning Gusti
tegese :
Sakbanjure ana tugas sing ana telung perkara, jenenge ngestuti sabda karsaning Gusti mono menawa ora bisa mahami katone kaya angel tur ya kaya rekasa banget, nanging sak benere ora kaya sing digambarake mau ana ing ngarep, mula menawa gelem wae sejatine ya mung gampang, nanging watone gelem nglakoni sing kanthi tumemen.
Mula kabeh mau ya bola-bali saka ketemenan kita pribadi, ewodene yen kresa latihan mangga bareng-bareng tindak ana omahe Pakdhe Sariengat. ben aja kurang ajar, mangga bareng-bareng belajar lan sinau, latihan. nanging nuwunsewu aja nganggep Manawa pakdhe iki bisa lan nduwe wanti-wanti aja kagungan panggalih menawa Pakdhe iki wong ngerti lan lia-liane, dadi kabeh mau sifate ya dianggep kaya manungsa lumrah, wong nyaane ya mung kaya sak lumrahe uwong sing ora ana apa-apane, padha-padha ora ana bedane karo wong-wong liane. dadi cethane ya mung ayo-ayo latihan “belajar bersama-sama”, padha wulang bareng-bareng pamrihe ben nduwe kekuatan sing seimbang, bisa nduweni gegambaran utawa gegebengan “cekelaning urip ingkang gumathok benaja keliru, bisa ngepasi apa ingkang ginayuh.
Cara tembunge ki Naryosabdo “Teteken kang kanti tekun yekti bisa katekan”. dadi cethane wong kita iki wis diparingi piranti sing genep, mula ya tanjakno melakua kanti gegondelan teken sing kita nduweni iki digondeli sing kenceng lan digerakake miturut apa ingkang kita karepake lan ngadek jumangkah ingkang kanti tumemen, mengko suwe-suwe orao mesti ya tekan panpan panggonane sing dituju. dadi aja mung gomdelan teken karo thengug-thengug terus wae, lha kapan tekane yen ngene carane nganti ya tekan leng kubur ya ora bakaln tumekan, tiwas mengkne bisa bingung ana kuburan, bisa nempel mrono, nempel mrene sing ora karuwan tujuane, bisa-bisa malah kesasar dadi panggada, pangrencana sing ora bisa mulih ning papan asline mau-maune. lha ya ngene iki sing diarani urip sing kesasar, tugas lan wektune wis entuk wedage uwis dikubur lan ora kena di gunakake nanging uripe isih nglembara sebab mau ora ngerti dalane, utawa nalikane uripe tekene ora gelem migunakake sing apa mestine, dadi yen tembung ing ngarep mau dikandakake “lali sumber dadi aber lali sumber ketiwasan” kelangan lacak dadi rusak kelangan obor dadi nunak-nunuk ( salah arah dadine ora karu-karuan, tujuane dadi bisa-bisa ya mung mubeng terus sing ora karuan genahe lan ora ana entek-enteke ).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar