“HA”
Sifate = Luwih
Manggone = ana ing lesan, lambe utawa tutuk.
Kekuwatane = ana ing Pangucap utawa wicara.
Watege = Neka’ake gegayuhan utawa karep.
Lakune = Nyuda mangan, ngombe, ngomong sing sak perlune.
“NA”
Sifate = Momot, Padhang
Manggone = ana ing Mata utawa mripat
Kekuwatane = ana ing Pandhelengan utawa pandulu
Watege = Kawroh, mujud’ake temen-temen
Lakune = Melek, elinga aja gampang lali
“CA”
Sifate = Cocok utawa Pass
Manggone = ana ing Grana utawa irung
Kekuwatane = ana ing Panggandha, mambu
Watege = Tumemen, bener-bener anane
Lakune = Ora mbedak-mbedak’ake, direngkuh sing padha
“RA”
Sifate = Gegeter
Manggone = ana ing Talingan utawa kuping
Kekuwatane = ana ing Pangrungu utawa pamireng
Watege = Nampa apa wae entuk’e
Lakune =Sabar, sareh , aja nuruti napsu, elinga tugas lan kewajibane
“KA”
Sifate = Asal utawa Soko
Manggone = ana ing Paru-paru
Kekuwatane = ana ing Pernafasan utawa Pranata
Watege = Golek mrata apik’e
Lakune = Ngempet, ngendali’ake, aja gampang kesusu tumindak yen durung ngerti arah
“DA”
Sifate = Dhadhar utawa Dhadhi
Manggone = ana ing Jantung
Kekuwatane = ana ing Lakuning getih
Watege = Karosan utawa kekuwatan
Lakune = Kudu sregep tumandang gawe, aja keset lan nggampang’ake
“TA”
Sifate = Tata, Tertip
Manggone = ana ing Ati utawa nala
Kekuwatane = ana ing Titen utawa bisa niteni ala lan becik
Watege = Nyantosani, nyembadhani
Lakune = Nganyeb, ngadem’ake lahir lan batine sing sak temene
“SA”
Sifate = Sak utawa Siji
Manggone = ana ing Susu
Kekuwatane = ana ing Tambah kekuatan, palerem
Watege = Bisa nyeneng'ake uripe
Lakune = Ngurangi ing kasenengan lan kudu ngati-ati tumindhak’e
“WA”
Sifate = Woh, Buah utawa Hasil
Manggone = ana ing Telak
Kekuwatane = ana ing Gawe mareming rasa
Watege = Rasa, Pangrasa
Lakune = Mangan bangsane Pala gumatung, woh-wohan sing gumandhul
“LA”
Sifate = Loloh
Manggone = ana ing Ilat
Kekuwatane = ana ing Ngluluh’ake, luwes, lemes
Watege = Gawe Sadare sing di srawung
Lakune = Sirik mangan bangsane sing amis-amis, utawa sing ana nyawane
“PA”
Sifate = Papan, dalan
Manggone = ana ing gulu utawa jangga
Kekuwatane = ana ing gelem nanging ora langsung
Watege = aweh pangerten marang sapa wae
Lakune = Gelem nglah ning aja kalah, pamrih bisane becik lan rukun
“DHA”
Sifate = Dhadhah, dhadhal
Manggone = ana ing dhadha
Kekuwatane = ana ing bisa ngrampungake perkara
Watege = Menehi rasa sumeleh
Lakune = Ngrowot, mangan bangsane pala kependhem
“JA”
Sifate = Bener-bener
Manggone = ana ing dubur, silit
Kekuwatane = ana ing katemenan utawa disiplin
Watege = pinarcaya ing polah tingkah’e
Lakune = Sregep lumaku aja dhemen sambat wae
“YA”
Sifate = Saguh
Manggone = ana ing wadug utawa weteng
Kekuwatane = ana ing ngejur ing samubarang apa wae
Watege = milah-milah agal alus ala lan apik’e
Lakune = Mutih, aja mangan liyane sego putih lan aja ngombe liyane banyu putih
“NYA”
Sifate = Paweweh
Manggone = ana ing wewadi
Kekuwatane = ana ing dadi rasa seneng
Watege = Sregep mbudhi dhaya ( uasaha )
Lakune = Aja cidra “selingkuh”, lumakua sing sak benere utawa tumemen
“MA”
Sifate = Emoh, mamat
Manggone = ana ing Astha utawa tangan
Kekuwatane = ana ing Panggrayangan
Watege = Bisa nampik milih ala lan apik’e
Lakune = Aja milik sing dudu bagehane, aja ngesir sing dudu duwek’e
“GA”
Sifate = Gogoh-gogoh, gagap-gagap
Manggone = ana ing sikil
Kekuwatane = ana ing ngoyak gegayuhan
Watege = Sumeleh, tentrem ing urip
Lakune = Nuju ing papan panggonan sing sepi “Ziarah”, ngening’ake angen-angen
“BA”
Sifate = soal, masalah
Manggone = ana ing Sungsum
Kekuwatane = ana ing nggolong’ake, manungaling tekat
Watege = Ngrampung’ake pakaryan
Lakune = Ajeg gelem nindak’ake Sembahyang, puja, puji lan nyenyuwun marang sing Gawe Jagad
“THA”
Sifate = Thothog utawa wadah
Manggone = ana ing balung
Kekuwatane = ana ing bakoh, pipit, rapet, kukuh
Watege = bisa kuat ing panandhang
Lakune = Aja kengguh ing panggodha, ngertia eneng lan ening
“NGA”
Sifate = Ing ngaurip
Manggone = ana ing kabeh
Kekuwatane = ana ing pangayoman, ngemong
Watege = Ngulat’ake apa sak kabehe
Lakune = Kudu tansah ELING lan NGELINGONO
maturnuwun
BalasHapusmatur nuwun
BalasHapusMaturnuwun, sampun paring kawruh sastra badan. Nanging tasih wonten sastra jagad ingkang kedah dipun mangertosi kita sedaya. Menawi mboten klintu sedaya ing sampun cinipta Gusti pinika manungsa kedah saged maos amargi sedaya punika wonten namine, tujuwane, jinise, kaelokane, kanggene, kaluwihane, kaunggulane. lha, punika sedaya kedah dipun waos lan kaji. Cara kitab suci punika sastra utawi 'ayat'ingkang kaserat sedaya wonten krikil, watu,semut,gunung, banyu .... sak isine jagad. kedah saged maos kanthi ening. Inggih punika aranipun sastra jendra.
BalasHapus