Selasa, 06 Juli 2010

WISIK SASMITANE ING GUSTI

Wisik lan sasmitane ing Gusti iki ora gampang tinimpa sedhengah titah, sebab bab wisik iki menawa ora bisa olehe ngonceki anane mung mbingungake, mula ya mesti milih pilih aning janma sing ateges “ jan” iki saka tembung bener-bener. la yen “ma” iki tegese momot dadi cara wadah ya bener-bener gedhe, kawut tur bisa amot samu barang apa wae, dadi umpamane bocah sekolah ya kudu sregep anggone sinau kanti mempeng lan kanti bisa nunggal ing sajroning angen-angen.
La yen kinanthenan, temen, sregep, disiplin lan teteken kanti rasa tekun mau nganti bisa titen lan niteni ingsamubarang kadadeyan apa wae ingkang diweruhi terus gelem nyathet ana sajroning pangangen-angen mau dadi rumangsa nganti ora dirasakake, ngerti-ngerti bisa titis ing pangucape, kaya-kaya bisa ndeleng ing kahanane, mula ya terus kaya bisa dinyatakake, mula sok-sok ya bisa angepasi ingkang bakal ana ing kekdadehane, nanging kuwi mau ya mung sipate gagap-gagap, gogoh-gogoh, yen cara tinembung sing moncer ya mung padha karo ramalan, mula kaya ya kena dipercaya lan uga bisa dipaido, kabeh ya mung gumantung ana pribadi kita kabeh, sumangga kepenake kepriye.
Menurut naluti JAWA tinggalane sujanma ingkang wis ketrima ing laku jantrane lan wis kepareng saking kersane pinaringan ing kagungane ingkang hanyiptake, ana sastra “tulis” 20 biji. utawa 20 aksara iki pancen bener-bener nggawa pituduh, pitutur, pituntun, pitulangan ingkang sak apik-apike tur ya sak tenan-tenane, dadi menawa dijumbuhake karo kahanan iki pancen ya bisa lan bener-bener kena dinyatakake, umpamane anane 2 iki mung saka kenyataane anane, lanang wadon, susah bungah, rekasa kepenak, peteng padang lsp. dadi iki bener-bener menawa jagad iki isine ya mung werna 2. la anane angka 0 iki tegese mbesuk menawa wis tekan wancine utawa wayahe pinundut entek tugase kabeh iki uga bakal bali ning asale, ora ana apa-apane, kaya nalikane durung ana apa-apa kaya pindane bumbung wungwang, anane mung awang-uwung “kosong kabeh”, nanging kabeh mau menawa isih situgasake banjur ana uripe, menawa diwaca siji-siji ya ana karep lan tujuane, kaya wedare ing nduwur kemau, nanging yen diwaca loro-loro uga bisa ana tujuane nganti bisa diwaca papat-papat lan lima-lima, uga nduweni arah lan tujuan ingkang gumatok, umpama diwolak-walik uga ana karep lan tujuane iingkang bedha-bedha artine, utawa menawa gelem milah-milahake, uga ana sing ngelok-ngeloki kaya maksud lan tujuane ana ing nduwur mau. la ewadene isih ana meneh, menawa diparo, 2 uga nduwe wedaran maneh sing bedha ing kekakrepane, contone
“ “
Aksara 10 ing duwur iki bedha patrape karo aksara 10 ing ngisor iki

“ “

Akasara 10 ing nduwur lan 10 ngiso iki bedane menawa ing nduwur mau kabeh ora gelem mati, nanging bisa rubah sipat lan wujute, tur bisa kena dadi sandangan, nanging menawa 10 sing ngisore gelem mati, ing sak nggon-nggon ngendi wae sing padha mbutuhake, mula menawa gelem ngatur, ditata sing patrap lan apik , uga kena dianggo rapal sing nduweni daya kekuwatan sing ora setitik, nanging ya kudu gelem nglakoni “nebusi” sarana laku. dadi kelingana ngelmu iki dumadine kanti laku. nanging menawa pancen butuh iki
Lakune :
Mangana woh-wohan terus ing sajroning 7 dina 7 wengi,utawa aja mangan sak liane buah-buahan lawase 7 dina yen uwis ditutup nganggo pati geni ( mlebu kamar sedina sewengi )
Rapale :
Ya ja dha ru cah
Nga wang nye tha ha bu di
Ka sa pa ge le ma na ta
Mengkene maksud lan tujuane :
Menawa urip kita iki mung ngrucah utawa morak-marik kaya ora karuwan tujuane, mula ya kudu kita kempelake kanggo ndelengi barang apa ingkang kita gayuh kanthi becik lan apik tur bisa didelok sing kanthi cetha lan ana nyatane. dadi menawa kita iki wis dipercaya kuwat dadi pemimpin “bisa didadekake pamong”, kita ya kudu bisa kepriye carane momong bisa meneng, tentrem lan ayem sing padha di emong. bisa migunakake pranatan sing sak bagus-baguse. ya kaya ngono mau yen padha gelem ngudi ing mbok menawa ngantio mbesuk tekan ing jaman kasedan jati asmane bisa nggambar arum. umpamane ana kliru lan lupute mesthi bakal ing ngapura kabeh dosane, sebabe sembur-sembur adas mandi saka pujine ingkang padha di emong ing kono bakal antuk pangayomane Gusti. Eling ing ngarsa asung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani. aja malah ing ngarsa ngangsa angsal ing madya ngumbar hawa, tutwuri hanggrogoti iki ngrusak pranatan umpamane wayang kaya rahwana raja dadi kaya ratuning getih, alas an sing ora ngerti marang pranatan iki mlebune ana suarga bandhang utawa mbandhang terus sing ora ana enteke, isisne ya mung terus dadi panggoda pangrencana, dadi rewange durgakala.
Murkane ora entek-entek, mula ta mula elingen tembung aja hawa “JAWA” iki sing bisa ngendaleni, nata, ngautur, niti piye bisane becik lan apik aja nuruti karep, karep kuwi biasane ngapusi umpamane mangkene nuju lewat ana dolan weruh wong dodolan nomer, mangka pas duwe duit gek mau ana wong menehi ramalan sing pas karo karepe dewe, la iki banjur dituku, wong bisa nuku nanging metune geseh. la ngene iki apa ora tiwas kapusan, mangka karepe golek undake nanging nyatane malah kapusan. mengkono iki contone, lan uga ana conto-conto liyane, mula-mula wanti-wanti aja nuruti karep, karep kuwi ngapusi sing padha mulat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar