Selasa, 06 Juli 2010

MULYA SEJATI LAN SEJATINE MULYA

Cara tembung Jawa mono pancen aneh-aneh wae, mung diwolak-walik wae kok ya bedha karep lan tujuane, dadi menawa kurang peka pancen ya radha ribet olehe ngothak-athik, mula ya ning ngarep ya uwis diaturake yen pancen bener wong jawa iki kudu bisa peka, dadi menawa para winasis ngucapake “Janma limpat seprapat wis tamat” tegese kudu bisa mbuktekake dadi menawa ana kahanan apa wae sing diadhepi uwis bakal ora kuwatir ”Ora kasamaran ing babagan apa wae”. ana tatag, teteg, idep tur mantep lan ora sumelang. mula cara pasinaune ya kudu sing tekun temenan “aksarane wis muni” : - - : kudu tansah wulang bareng-bareng ben imbang kekuwatane dadi nduwea : gegambaran utawa gegebengan thothok ing ngaurip, cekelan tekan sing kanggo wadhah ing ngaurip.
Wadah ing ngaurip iki bisane aja ngnti keri marang sak pepadhane lan bisoa imbang menawa menawa ing ngarep mau uga ana tembung “rumangsa bisa apa bisa rumangsa” iki uga padha karo maksud-maksud ing ngarep mau. dadi cethane menawa lagi mulya sejati iki senadyan tanpa imbang nging durung tekan anggone sejatining mulya, lha mula ya kudu sing ngati-ati amarga iki isih akeh godha lan rencanane maraga iki bisa wae lagi dicoba utawa diuji kuwat lan orane, mula ya sing ngati-ati olehe nindakake sukur-sukur bisa nutugna lakune terus ben nganti tekan nggone sing diarani sejatining mulya dadi ora bakal nyamarake, sebab….menawa uwis bisa menthog ana papan pangonane sejatining mulya, wong urip iki anane mung tentrem, ayem, ayom tur bisa tenang banget anggone ngayahi ing babagan apa wae, tur ya bisoa mestekake kerep hasile katimbang orane. mula yen ana karangan tembung sinom kae ana sing kaya mengkene : “Hambege kang wis utama tan ngendak gunaning jamni, amiguna ing aguna, sak solahe kudhu misil, pintere den alingi bodhone dinakok ngayun, ing pamrih den imoa, mring padha padhaning jamni, suka lila ing ina marang sapada” lha ya kaya tembang lan tembung ing nduwur iki mau, meanwa uwong sing wis katekan lahir lan batine, uwong kuwi mau ora bakal ngatonake ing kabisane lan ora bakal mamerake nanging malah kepara ditutup-tutupi apa sing didarbeki “ibarate kaya wit pari kae yen tambah mateng ya tambah ndungkluk”.
Dadi menawa dielem, dipuji-puji, dihormati sing sak karepe, ora kaya sipate wong urip lia-liane kuwi wae malah ora pati di gatekake apa meneh yen nganti diwedeni, iki rasane sajake ora kepranan tur meneh yen sedeng lagi nesu wae katone ya ora ketara. mula pinter olehe matrapake, yen dijupuk tembung menterenge “sinamun sinamu dana, pepadone adu manis” wong urip iki menawa wis tekan olehe duwe pangudi apa meneh menawa wis kuwat lan bisa dadi pangayoman, kena kanggo ngayomi kiwa lan tengene, ngarep lan mburine, bisa kanggo paran pitakon ing babagan apa wae, utawa kena lan enthok dijaluki apa duwene lan apa anane isine mung sarwa lega. ngene iki sakora-orane mesti wis bisa mesthekake menungsa sing kaya ngono, patrape mau mesti bisa ngerteni lan bisa mapan ana ing pepanggonan sejatining mulya sing sak tenane.
Marga laku sing kaya ing duwur iku mau kabeh bakal ken aknggo pancatan bisane tumuju ana ing papan dununge sampurnane, ing mbesuke yen wis tekan garis lan pasthine mbesuk yen wis bisa ngerteni ing sak wayah-wayah sitimbali ana ngarsane kang hanyiptakake utawa kang hangasta kodrating ngaurip. mula ya mula aja lali marang piwelinge, “duga-duga digawa, ngati-ati aja keri” cekek aose aja hawa “Jawa”. kendalekna urip iki setira sing kenceng sing becik lan sing apik aja nganti salah arah lan aja keliru tujuane, elinga karo sumbere “asale” saka ngendi “balia” muliha menyang nggone asal mulane, mula banjur diarani “mulih mula, mula nira ( sampurna ).
Lha ya ngen iki ancas lan tujuane ngarang buku iki, ben karepe nduwea gegebengan ing ngaurip, ben bisa nduweni gambaran-gambaran sing kena disawang lan nduweni patokan sing kenceng kena kanggo gondelan, utawa nduwea tetekan sing apik karo mlaku alon-alon gujengan teken sing bakoh karo sinambi jumangkah. mengko suwe-suwe rak ya tekan karo nggone sing dituju. Alon-alon waton kelakon, gremet-gremet waton selamet. “teteken kang kanthi tekun yekti bisa katekan”. Sak uger gelem tumindak tekene iki dienggo rambatan lan digondeli sing kenceng karo ngadeg jumangkah, aja mung digondeli karo lingguh tenguk-tenguk, la yen ngono banjur kapan tekane, tiwas ora ana paedahe, diparingi srana teken karo sing paring urip eman-eman yen ora digunakake.
Menawa srana patute becik lan enake ya mung kanggo nyranani. la yen mau becik lan kepenake ya kanggoa tekenan karo mlaku alon-alon. dadi ben ngerti guna lan paidahe dadi ya aja padha digawe tenguk-tenguk terus, pamrihe ben padha bisa nampa lan pada bisa tresna, mangka yen gelem namapa lan gelem narinma iki mesti bisa dienggo nyukupi kebutuhaning dewe, dadi aja nganti nduwe rasa kemrungsung, kemrangsang, kemrengseng. sing tegese kemrangsang yaiku jagad iki ya ta dianggep cilik arep dikakahi kabeh, mangka weteng lan tangane ya mung sak mono wae, la kok arep murka-murka tiwas ora bisa entek, bar-barane mung tiwas ditinggal semprungjeneng rak ngibadir, sing tegese kemrungsung yaiku la apa sikile iki ana pirang meter kok dalan sing ora karu-karuwan dawane arep dijangkahi sepisan ben cepet tekan nggone iki jenenge arak tangeh lamun. la nak sing diarani kemrengseng yaiku kaya wong nggodog banyu kae sing lagi kemrengseng terus banjur digawe wedang, ngono kae banyune bisa marakake weteng mules. mula becik lan apike ditampa wae lan diterima apa anane, gari nampa lan narima sing diparingake sing tukang andum iki luwih enak lan kepenak. mula sumangga anggon kita gelem nampa lan narima apa ora, kabeh mau gumantung ana pribadine dewe kabeh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar