Maksud gambar lan wedare nganti tujuan lan karepe :
Garis-garis kang ana njaba wujude GUNUNGAN iki, yen bisane nggambar mata angina umume nuduhake arah elor, nanging yen iki sebabe apa kok arah kulon lan arah wetan ana ngisor maksute :
Titenana menawa Surya (srengenge) kae jumedule saka wetan mlakune menyang kulon. Menawa jam enem esuk nganti jam wolu esuk kae sorot lan panase kaya durung sapiroa. Dadi ya kaya gambar dasare nganti tekan nggon menggoke ingkang kepisanan. Nanging menawa wis jam wolu tumeka jam sepuluh kae wis ana perobahan sorot lan panase. ewodene yen wis jam sepuluh munggah nganti jam rolas kae sorote lan panase ugo malah sumelet, nanging menawa wis jam telu munggah kae wiss bias sudha sorote uga panase, dene yen wis tekan wancine surup nandhakake saya entek tugase, dadi terus ganti kahanan sing embuh piye mengko dadine. Dadi ibarate menawa gelem naliti sing tenanan lan digatekake kae jebule ya padha tugasing manungsa-manungsa iki sing padha gelem ngematake lan gelem ngrasakake tugas utawa uripe.
Iki maksud lan gambaran wedare sing ngrupakake wujud gambar gunungan, mula yen padha kersa siumak’en lan tithenana bener lan lupute, sumagga anggone padha menggalih. Sebab sing ngarang buku iki ya mung dapur grayap-grayap wong ya ora ngerti sak temene, kepriye iki kabeh wong ya durung ngerti karsane sing nitahake, pramula sumangga…kabeh-kabeh mau ya mung ana panjenengane kang kersa mersudi borong sik sak kabehane.
Pucuk gunung nduwu dewe kae ana tulisan ( neng ), karepe menawa sing gelem meneng ( ora obah utawa tanpa obah ) tanpa polah kaya watu sing bakuh, kukuh ora mobah, ora music. Iki biasane gawe uriping ing mbok menawa wis bisa nglunguhake uripe, mula ya ora gampang, biasane kene pangrencanane bangsane thothok onggok sing ora karu-karuan tujuane. Mula yen cara tembung mentherenge jenenge kebal, sing jenenge kebal mono aja mung di bacok ora mempan, di tembak mung mentheleng, iki tegese mung golek pengeram-eram ( nggumunake ) yen cara jawa iki maa tegese mung ngelmu sulap. Mula isine mung seneng ben karo dipiji-puji, dialem lan diwedeni, la apa ya seneng wong urip dadi memedhi jenenge arak ora mula, wong mrana-mrene mung isine diwedeni uwong lian, bisa-bisa kancane padha mlayu kabeh dadi terus ora nduwe kanca. Mula yen cara jawa nduweni tujuan memayu hayu hayuning bawana sing karepe, Jagad alam bawana iki kabeh padha di ayomi, dirukunake, ditresnakake karo awake dewe. Mula ana tembung para winwsis sing kaya mengkene : yen ngluruk tanpa bala, yen perang tanpa gaman, nanging kudu menang sing ora ngasorake. Tegese : menawa kita gelem ngluruk kok ngajak bala mula bala mau ora ngerti kenthang kimpule, terus dadi korban, apa ya ora mesakake, sapira rasane durung mesti yen melu ngrasakake kepenake nanging kokk wis dadi korban. Lan yen perang kok ya nggowo gaman iki apa ya ora mung butuh ngrusak, mangka ngrumangsanana yen aku iki ora nyithak ia kok dirusak apa ora wedi karo hukume, mangka hukume iki ana telung ( 3 ) perkara
Pisan ( 1 ) : hukum lahir, pindho ( 2 ) : hukum batin, telu ( 3 ) : hukum alam.
Nanging kok kudu menang tanpa ngasorake, apa ya bisa ? nanging yen uwis diucapake dening para winasis mesti bisa, sebab ngendikane para winasis mau ya saka wisik ing Gusti ingkang tinampa cetha, tur ya mesthi wis ora duwe kesamaran, ora duwe rasa wedi, ora duwe rasa isin lan ora kawatir maneh.
Mula anane tatag, teteg, madep, mantep tur ya mesti kasile, sebab kabeh-kabeh mau ya wis mesti di tudhuhake cara-carane tur mesthekake yen ana sing mbantu lan mitulungi, wong pitukone kabeh tak kira ya wis dibayar kanthi temenan ganggo laku, mula yen ing nduwur ana tembung sing “temen bakal ketemu”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar