Tembung “Jimad” tegese aji mamat, “Ka” tegese asal, “Li” tegese lilih utawa lila, “Ma” tegese mamat, “Hu” tegese luwih, “Sa” tegese sak, “Da” tegese dadi utawa dad.
“SAKA LIMA HUSADA” maksude “Tambane wong urip iki golekono ana limang perkara”
Sing kapisan yaiku ngertia marang Gusti ingkang hanyiptakake Jagad utawa yakin yen urip iki ana ingkang hanguripi.
Sing kapindho yaiku kita kabeh padha mangan sing tegese ana bangsane wong sing nandur pangan lan ana wong sing olah pangan.
Sing katelu yaiku Kabeh pinaringan budi, akal, rasa, lan pikir, karepe urip iki ora mung ijen dadi kersane ingkang peparing urip supaya manungsa-manungsa iki padha angetokna ing panemu dewe-dewe supaya bisane nunggal ing tujuan engkang sae “apik lan becik”.
Sing kapapat yaiku ngelingana yen kita kabeh manungsa iki ya pinaringan rasa ingkang padha mula ya aja mbedak-mbedakake dadi karep lan tujuane ya nduwea rasa tepa-slira, bisoa tresna , asih marang sak pepadane wong rasane kira-kira ya mung sejajar.
Sing kalmia yaiku ben aja dadi kemeren, bisane ben nganti sak adil-adile yen labuh lebete beci, apik ana imbalane. kosokbaline yen ala tandurane ”bebudine” ya kudu ana hukume kang selaras karo pakartine, kanggo ngepenakake tembunge mengkene :
“Sing sapa Utang ya kudu Nyaur”.
“Sing sapa Nyilih ya kudu Ngulihake”.
“Sing sapa Nandur ya mesti Ngunduh”.
“Sapa sing Temen ya mesti bakal bisa Ketemu”.
Tetekan kang kanti tekun, yekti bisa katekan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar